Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 13:3 - Kitab Sutji

3 Nabi Musa banjur ngirimake wong kang bakal padha nelik mau saka ing pasamunan Paran, miturut dhawuhe Sang Yehuwah, kabeh iku pemimpine wong Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 13:3
11 Iomraidhean Croise  

Kaya mangkono iku uga kang ditindakake dening para leluhurmu, nalika padha dakkongkon saka ing Kadesy-Barnea nelik tanah iku,


Sawuse mangkono banjur budhal saka ing Hazerot, banjur padha lereb ana ing pasamunan Paran.


Mangkono uga nalika Sang Yehuwah dhawuh marang kowe supaya mangkat saka ing Kadesy-Barnea, pangandikane: Padha mangkata, ngejegana nagara peparingingSun marang sira, ing kono kowe padha mbangkang marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kowe ora nggugu marang Panjenengane lan ora ngestokake dhawuhe.


“Sawuse mangkono kita banjur padha budhal saka ing gunung Horeb, lan padha ngliwati sawratane pasamunan kang jembar lan nggegirisi kang wus padha kokdeleng iku, njujug ing pagunungane bangsa Amori, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah, Gusti Allah kita marang kita; banjur padha tekan ing Kadesy-Barnea.


Prakara iku dakrasa becik; dadi aku tumuli milih wong rolas panunggalanmu, saka saben taler wong siji.


“Sira nglakokna wong sawatara kang nelik marang tanah Kanaan, kang bakal Sunparingake marang wong Israel; saben talering leluhure kapiliha wong siji, padha panunggalane para pemimpin.”


Dene pratelane jeneng-jenenge yaiku: Saka taler Ruben: Syamua bin Zakur;


Kacarita Nabi Samuel seda; sakehe wong Israel padha nglumpuk nangisi lan metak panjenengane ana ing daleme ing Rama. Lan Sang Dawud nuli tata-tata sarta banjur bidhal menyang ing ara-ara samun ing Paran.


Wong Israel banjur padha budhal saka pasamunane gunung Sinai miturut tatananing budhale, anadene mandhege mega ana ing pasamunan Paran.


tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.


“Iki jenenge wong kang kudu padha ngedum tanah mau marang sira minangka tanah pusaka, yaiku Imam Eleazar lan Yusak bin Nun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan