Wartakna ing tanah Yehuda, lan kabarna ing kutha Yerusalem: Ngunekna kalasangka ana ing jero nagara, nguwuh-uwuha kang seru: “Padha ngumpula, payo padha ngungsi menyang ing kutha-kutha kang santosa!”
Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion, lan padha surak-suraka ana ing gunungingSun kang suci! Sakehe wong isine nagara padha getera, awitdene dinane Pangeran Yehuwah teka, wus cedhak;