Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 1:4 - Kitab Sutji

4 Dene kang dadi kanthinira tumrap saben taler wong siji, minangka pemimpine kulawangsane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 1:4
19 Iomraidhean Croise  

Nalika samana Sang Prabu Suleman ndhawuhake pisowane para pinituwaning Israel lan sakehe kepalaning suku, yaiku para panggedhene kulawangsane wong Israel, kadhawuhan padha nglumpuk ing ngarsane ana ing Yerusalem prelu ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.


Kajaba saka iku, sliramu dakaturi nitik lan ngangkat panunggalane bangsa iki kang sembada lan ngabekti marang Gusti Allah, wong-wong kang kena dipracaya, lan ora gelem nampani besel; iku ditetepna dadi pemimpin kang nglurahi wong sewu, pemimpine wong satus, wong seket sarta wong sapuluh.


Dadine Nabi Musa tumuli milih wong saka panunggalane bangsa Israel kang sembada, padha ditetepake nglurahi bangsa iku, ana kang nglurahi wong sewu, wong satus, wong seket lan wong sapuluh,


Iku para wong kang pinilih saka antarane para umat iku, siji-sijine dadi pemimpining talere para leluhure, iku padha dadi panggedhene bala Israel.


Samono mau kang padha kacacahake dening Nabi Musa lan Rama Harun lan para panggedhene para wong Israel rolas, kang siji-sijine makili talere.


nanging tekene Lewi iku sira tulisana jenenge Harun. Dadi saben pemimpin taler kudu ana teken siji.


Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,


Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sakehe lelurahe bangsa iku padha sira tangkepana, nuli padha kagantunga ana ing ngarsaning Yehuwah blak-blakan, supaya bebendune Pangeran Yehuwah kang mulad-mulad iku sumingkira saka ing Israel.”


Nabi Musa ngandika marang para pemimpine talere Israel mangkene: “Iki prakara kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah.


Kaya mangkono Nabi Musa lan Rama Harun dalah para pemimpine umat Israel anggone padha nacahake para bani Kehat miturut gotrah-gotrahe ing kula-wangsane,


para pemimpine Israel, para panggedhene sukune banjur padha nyaosake pisungsung. Wong-wong iku kang dadi pangarepe taler kang mimpin nalika dianakake cacah-jiwa.


Aku banjur milih pemimpin saka antaraning talermu, yaiku: wong-wong kang wicaksana lan sugih pangalaman, padha dakangkat dadi pemimpinmu, yaiku ana kang dadi panggedhening wadya-bala sewu, satus, seket sarta dadi panggedhening wadya-bala sapuluh tuwin dadi panggedhe kang nata wadya-bala kanggo taler-talermu.


kanthi para panggedhe sapuluh, saben talere panggedhe siji, saka sakehe talere Israel; siji-sijine dadi panggedhening kulawargane ana ing satengahe kulawangsane Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan