Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 1:3 - Kitab Sutji

3 kang umure rong puluh taun munggah, kang sembada ing perang, iku sira cacahna karo Harun miturut golongane dhewe-dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 1:3
16 Iomraidhean Croise  

Senapati Yoab banjur ngaturi uninga marang Sang Prabu oleh-olehane cacah-jiwa. Wong Israel ana wolung atus ewu kang bisa asikep pedhang, lan wong Yehuda ana limang atus ewu.


Panunggalane bani Ruben, wong Gad lan saparone suku Manasye ana patang puluh papat ewu pitung atus sewidak kang sembada ing perang, wong kang prigel, kang sikep tameng lan pedhang, sarta menthang gandhewa apadene kang lanteh ing perang.


Sang Amazia banjur nglempakake wong Yehuda, yaiku wong Yehuda lan Benyamin kabeh, padha didhawuhi ngadeg manut para kulawangsane, dipanggedheni dening tetindhihing wadya-bala sewu lan para tetindhihing wadya-bala satus. Bareng kaetung dening Sang Nata wong kang umur rong puluh taun munggah, tinemune ana nonoman telung atus ewu kang sembada ing perang kalawan sikep tumbak lan tameng.


Dadi sira padha netepana riyaya roti tanpa ragi, awitdene iya ing dina iku uga anggoningSun ngentasake golonganira saka ing tanah Mesir. Mulane dina iku mau kudu sira riyayakake turun-tumurun, dadia pranatan kanggo ing salawase.


Wong kang bisa kalebu ing pendaftaran iku umure rong puluh taun munggah, iku kudu nyaosake pisungsung-mligi konjuk marang Pangeran Yehuwah.


saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.


Jisimira bakal padha pating glethak ana ing pasamunan, iya iku sakehe panunggalanira kang wus padha kacathetan, kang umur rong puluh taun sapandhuwur ora ana kang kajabakake, amarga sira wus padha ngadumeli marang Ingsun.


“Sira padha nacahna wong Israel saumat kabeh kang umur rong puluh taun sapandhuwur, miturut talere, iya wong-wong kang sembada ing perang.”


“Wong bani Lewi iku padha cacahna miturut kula-wangsane lan miturut gotrahe; sakehe kang lanang kang umure sasasi sapandhuwur, iku padha kacacahna kabeh.”


Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,


Iki pratelane panggonan-panggonan kang diliwati wong Israel sawuse budhal saka ing tanah Mesir, sagolongan-sagolongan kairid dening Nabi Musa lan Imam Harun.


Kacacahna kang umur telung puluh taun sapandhuwur nganti tumeka umur seket taun, sakehe wong kang kudu ngayahi kuwajiban lumadi marang Tarub Pasewakan.


Manawa ana wong kang mentas bae rabi, iku aja bareng karo wadya-bala melu nglurug perang, lan iya aja diwenehi sadhengaha pagawean, sajrone setaun dibebasna kanggo kaperluaning omahe, supaya ndadekna senenge kang wadon kang wus dadi bojone.”


Ing nalika iku kowe padha dakprentahi mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu wus maringake nagara iki marang kowe dadi duwekmu, nanging sapira panunggalanmu kang gagah prakosa, padha nyabranga kalawan sikep gegaman ana ing ngarepe para sadulurmu, wong Israel;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan