Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WILANGAN 1:2 - Kitab Sutji

2 “Sira nacahna umat Israel kabeh miturut kulawangsane ing sajrone suku-sukune, sakehe wong lanang ing Israel tulisana jenenge siji-sijine,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WILANGAN 1:2
16 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono wong Israel tumuli padha budhal saka ing Raamses menyang Sukkot, cacahe wong lanang kang mlaku dharat kira-kira ana nem atus ewu, durung bocah-bocahe.


“Samangsa sira ngetung cacahe wong Israel, nalika padha didaftar, siji-sijine nyaosna pisungsung minangka panebusing nyawane konjuk marang Pangeran Yehuwah, supaya sajrone kacacahake aja nganti padha kena ing wewelak.


Anadene salaka pisungsunge wong kang kadaftarake saka ing satengahe pasamuwan, iku gunggunge ana satus talenta punjul sewu pitung atus pitung puluh lima sekel, miturut timbangan pasucen:


saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.


Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,


kaya kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa. Mangkono Nabi Musa anggone nacahake umat ana ing pasamunan Sinai.


Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan