Mulane saiki mangkene: ramaningsun wus maringi tanggungan kang abot marang sira kabeh, nanging ingsun bakal ngundhaki tanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kabeh kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kalawan sambuk kang mawa eri wesi.”
Mulane saiki, yen ramaningsun wus paring marang sira kabeh tetanggungan kang abot, nanging ingsun bakal muwuhi tetanggunganira; ramaningsun wus ngajar sira kalawan sambuk, nanging ingsun bakal nganjar sira kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
wong-wong padha dipangandikani miturut rembuge para nonoman: “Ramaningsun wus ndadekake aboting sesangganira kabeh, nanging iku bakal sunwewahi; sira padha diajar dening ramanigsun kalawan sambuk, nanging ingsun bakal ngajar sira kabeh kalawan cemethi kang mawa eri wesi.”
Lan sira, anaking manungsa, aja wedi marang wong-wong iku tuwin marang tembung-tembunge, sanadyan sira kinepung ing lateng lan eri, sarta pamanggonira ana ing tengahe kalajengking. Aja wedi marang tembung-tembunge lan aja ndhredheg ana ing ngarepe, amarga iku jinis kang ambek mbalela.
Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan, lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat, sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.
Ingsun bakal paring marang sira pulihe taun-taun kang pametune entek kamangsa dening walang alihan, walang kang mlumpat, walang kang kethaha lan walang kang ngrikiti, wadya-balaningSun kang gedhe kang Sunutus menyang ing tengahira
Sira bakal entek kamangsa ing geni ana ing kana, bakal katumpes ing pedhang, kang mangsa sira kaya walang lumpatan. Sanadyan cacahira akeh kaya walang lumpatan, lan kaya walang alih-alihan,
Sanadyan wongira kang padha jaga cacahe kaya walang alihan lan para punggawanira kaya walang grombolan kang padha mencok ing tembok-tembok ing mangsa atis, nanging bareng srengenge mlethek, banjur padha ngilang, ora kasumurupan panggonane.
tuwin kang wus ngirid lakumu ngliwati pasamunan kang amba lan nggegirisi, panggonan ula mandi lan kalajengking, kang tanahe garing tanpa banyu. Panjenengane kang damel metune banyu saka ing gunung parang kang atos kanggo kowe;
Karodene walang-walang mau ora diparengake mateni manungsa, ananging mung nyiksa bae lawase limang sasi, lan anggone nyiksa iku kaya panyiksane kalajengking, samasa ngentup wong.
Wong Midian lan wong Amalek tuwin wong sagolongane wong saka ing sisih wetan padha pating glimpang ana ing lebak, kehe kaya walang, lan untane tanpa wilangan kaya wedhi ing pinggiring sagara.