2 Tumuli lawanging teleng mau kabukak, banjur ana pega kumelun saka ing teleng kaya pegane pawon gedhe, temahan srengenge lan awang-awang padha kapetengan dening pegane teleng mau.
Kacarita bareng srengenge wus surup lan wus peteng, tumuli katon ana pawon kumelun lan obor murub kang lumaku metu ing saselane sigaran-sigaran daging mau.
Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.
Ngadhuh-adhuha, he gapura! Jerit-jerita, he kutha! Gumetera, he tanah Filisti sakabehe! Amarga ing sisih lor wus ana kukusing perang kang kumelun, lan barisaning mungsuh maju, ora ana kang mundur.
sawijining dina kang peteng ndhedhet lan pagowong, dina kang mendhung lan peteng lelimengan; ana bangsa kang gedhe sarta santosa mratani gunung-gunung kaya bangbang wetan, kang kaya mangkono iku durung tau ana wiwit kuna mula; lan ing sapungkure iya bakal ora ana, turun-tumurun, ing tembe buri.
Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-mukjijat ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning pega.
Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”
Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,
Malaekat kang kapat banjur ngungelake kalasangkane, nuli sapratelone srengenge lan sapratelone rembulan tuwin sapratelone lintang-lintang katempuh, temah sapratelone iku padha dadi peteng, lan sapratelone rina ora padhang, sarta wengine iya mangkono uga.
Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati.
Mungguh jarane lan kang padha nunggangi iku ana ing wahyu iki katone mangkene: padha nganggo kere, warnane abang kaya geni lan biru tuwin kuning walirang; endhase jaran memper kaya endhasing singa, tuwin cangkeme ngetokake geni, lan pega sarta welirang.