WAHYU 9:1 - Kitab Sutji1 Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati. Faic an caibideil |
Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.