Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.
Kornelius mandeng marang malaekat mau lan matur kalawan wedi: “Wonten punapa, Gusti?” Paring wangsulane malaekat mau: “Kabeh pandongamu lan sedhekahmu wus padha sumengka marang ing ngarsaning Allah sarta Gusti Allah enget marang kowe.
Padaleman Suci mau tumuli kebak pega awit saka kaluhurane lan panguwaosing Allah, sarta ora ana wong siji-sijia kang bisa lumebu ing Padaleman Suci iku, sadurunge wewelak pitu kang kaasta dening malaekat pitu mau rampung.
Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.