Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 8:3 - Kitab Sutji

3 Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 8:3
32 Iomraidhean Croise  

Bokor-bokore, lading-ladinge lan bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane, iku kang kagawe emas murni, esel-esele lawang kamar njero, yaiku papan sucining-asuci lan esel-esele lawang kamar gedhe ing Padaleman Suci, uga emas.


Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.


Misbyah mas dipapanake ana ing jero Tarub Pasewakan ing sangarepe geber.


Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.


dhuwure telung asta, dawane rong asta; pojok-pojoke lan dhasare sarta gebyog-gebyoge kang digawe kayu. Panjenengane nuli ngandika marang aku: “Iki meja kang ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”


Aku ndeleng Pangeran jumeneng ana ing sacedhake misbyah, sarta ngandika: “Pucuking saka iku gandhenen kang seru supaya undhak-undhakane horeg, padha jugrugna marang sirahe wong akeh, lan kekarene bakal padha Sunpateni kalawan pedhang, bakal ora ana kang bisa lumayu siji-sijia, lan iya ora ana siji-sijia kang bisa oncat.


Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Misbyahe mas dilurubana jarit wungu tuwa, dikrukubana lulang dhuyung, sarta dietrapana ing pikulaning misbyah iku.


piring siji bobot sepuluh sekel emas, kebak isi dupa;


Nalika samana umat kabeh kumpul ana ing jaba padha sembahyang ing wektu pangobonging dupa.


Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang malah dadi pangemban kita?


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,


Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.


Lan ana malaekat liyane maneh medal saka ing misbyah kang nguwaosi geni; iku banjur nguwuh kalawan swara seru marang malaekat kang ngasta arit landhep mau: “Aritmu kang landhep iku lakokna, lan dhompolan wohe wit anggur ing bumi undhuhana, awit wohe wis padha mateng.”


Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.


Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.


Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,


Kukuse menyan kumelun awor karo pandongane para suci iku saka ing astane malaekat mau marang ing ngarsaning Allah.


Malaekat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diiseni geni saka ing misbyah, lan geni iku banjur diuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swara gumlegering gludhug, bareng lan bledheg sarta lindhu.


Malaekat kang kanem tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur krungu swara metu saka sungu papat ing misbyah mas kang ana ing ngarsane Gusti Allah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan