Sabab sapa kang ngremehake marang dina kelakoning prakara-prakara kang sapele, iku bakal padha bungah-bungah ndeleng watu pilihan kang ana ing tangane Zerubabel. Dene kang pitu iki tingale Sang Yehuwah, kang ndlajahi salumahe bumi.”
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.
Paring wangsulane malaekat: “Aku iki Gabriel sing ngladosi Gusti Allah lan aku diutus ndhawuhi kowe, sarta nglantarake pawarta kabungahan iki marang kowe.
Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”
ing sakedhap netra, bareng karo unine kalasangka kang wekasan. Awitdene kalasangkane bakal muni, para wong mati banjur bakal katangekake kalawan kadunungan kaanan kang ora kena ing rusak lan kita padha malih rupa kabeh.
Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat panggedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.
Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,
Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”
Aku tumuli weruh pratandha liyane kang gedhe lan elok ana ing langit: ana malaekat pitu padha mbekta wewelak pitu kang wekasan, awit iku kang dadi pantoging bebenduning Allah.
Aku tumuli krungu swara seru saka ing Padaleman Suci dhawuh marang malaekat pitu mau mangkene: “Padha lungaa, bokor pitu kang isi bebenduning Allah iku padha suntakana ing bumi.”
Aku banjur weruh, lan krungu sawijining manuk garudha mabur ing satengahing langit lan ngucap kanthi swara seru: “Bilai, bilai, bilai wong kang manggon ana ing bumi awit saka swarane kalasangkane malaekat telu liyane, kang isih bakal ngungelake kalasangkane.”
Malaekat kang kalima tumuli ngungelake kalasangkane, aku banjur weruh ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit, sarta lintang mau kaparingan kuncine lawanging teleng palimenganing pati.