Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.
Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.
Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,
Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel kang kapisan saka segel pitu mau, lan aku krungu makluk papat mau kang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug: “Mara ndelenga!”
Bareng Sang Cempe nglethek segel kang kanem, aku tumuli weruh: lah ana lindhu kang nggegirisi lan srengenge dadi ireng kaya kanthong wulu lan rembulan dadi abang mbranang kaya getih.
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kalima, aku tumuli weruh sangisore misbyah ana nyawane para kang wus kapatenan marga saka pangandikane Gusti Allah lan marga saka paseksene.