Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 7:9 - Kitab Sutji

9 Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 7:9
41 Iomraidhean Croise  

Lan turunira bakal Suntangkarake dadi kaya lebune bumi, dadine manawa ana kang bisa ngetung lebune bumi, turunira iya bakal kena dietung.


Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.


Wong andhap asor bakal padha mangan nganti wareg, wong kang ngupaya Sang Yehuwah bakal ngalembana Panjenengane; atimu cikben urip ing salawase!


Ana ing kono Pangeran wus mutungi panah kang kumilat, tameng tuwin pedhang sarta piranti perang. (Selah)


Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora, kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.


Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Ing wektu iku Yerusalem bakal sinebut dhampare Sang Yehuwah, lan sakehing bangsa bakal padha nglumpuk ana ing kono, demi asmane Sang Yehuwah, ana ing Yerusalem, lan bakal padha ora tumindak manut atine kang ala.


Panjenengane ngukur sapisan maneh sewu asta, saiki banyu iku wus dadi kali, aku ora bisa mlaku maneh ana ing kono, sabab banyune wus saya dhuwur, satemah wong bisa nglangi. Kali kang wus ora kena disabrangi maneh.


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.


Ingsun bakal singsot nimbali wong-wong iku, iku bakal padha Sunklempakake, awit wus padha Sunluwari lan bakal padha tangkar-tumangkar kaya maune.


Ing waktu iku akeh para umat kang bakal padha kumrubut melu sujud marang Sang Yehuwah lan manjing dadi umatingSun, sarta Ingsun bakal akedhaton ana ing tengahira.” Mulane kowe padha ngreti yen Pangeran Yehuwah kang ngutus aku.


Nalika samana ewon wong kang padha nglumpuk, nganti padha suk-sukan. Gusti Yesus banjur paring piwulang, kang dhisik marang para sakabate, pangandikane: “Padha diawas marang ragine wong Farisi, yaiku bab lamising budine.


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”


Awitdene para sadulur, supaya kowe aja padha nganggep pinter awakmu dhewe, karepku kowe padha nyumurupana wewadi iki: Bangsa Israel iku salong padha mangkotake atine nganti lumebune bangsa-bangsa liyane saganepe.


Mulane padha nyandhaka praboting prange Gusti Allah, supaya kowe bisa nyembadani samasa tekane dina kang ala iku lan tetep tangguh sawuse kowe ngrampungake sakabehe.


Iya iku jalarane, dene saka wong siji, tur prasasat wong kang wus mati, sumebar tedhak turune, kaya lintang ing langit sarta kaya wedhi ing pinggir sagara kang tanpa wilangan cacahe.


Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Sarta bakal ora ana laknat maneh. Dene dhampare Gusti Allah lan Sang Cempe bakal ana ing tengahe, lan para abdine bakal padha ngabekti marang Panjenengane,


mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.


Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.


Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,


Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,


Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.


saka taler Zebulon rolas ewu, taler Yusuf rolas ewu, taler Benyamin rolas ewu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan