Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 7:7 - Kitab Sutji

7 saka taler Simeon rolas ewu, taler Lewi rolas ewu, taler Isakhar rolas ewu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 7:7
14 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono banjur ngandhut maneh sarta nglairake anak lanang, pangucape: “Saiki bojoku bakal luwih cedhak marang aku, marga aku wus nglairake anak lanang nganti telu.” Mulane anake dijenengake: Lewi.


Lea tumuli celathu: “Aku wus diparingi ganjaran dening Gusti Allah, marga aku wis ngaturake rewangku wadon marang bojoku.” Anake iku dijenengake Isakhar.


Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.


Kuldine bakal dicancang ana ing wit anggur lan belone ana ing wit anggur pilihan. Sandhangane dikumbah nganggo anggur lan jubahe ing duduhe woh anggur.


Simeon lan Lewi iku padha sadulur, gegamane awujud pangroda-peksa.


Anak-anake Gerson: Libni lan Simei, miturut gotrahe.


Mungguh sarasilahe turune Simeon iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur roh puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang, padha ditulisi jenenge dhewe-dhewe.


Anadene wong Israel kang kapatenan bareng karo wong wadon bangsa Midian mau, jenenge Zimri bin Salu, panggedhene salah sawijine kulawangsane wong Simeon,


Iku mau golongane bani Simeon, dene wonge kang padha kacacahake ana rolikur ewu rong atus.


Undhian kang kapindho tumiba marang taler Simeon, yaiku talere bani Simeon miturut gotrahe, tanah-pusakane kaprenah ana ing tengah-tengahing tanah-pusakane bani Yehuda.


Undhian kang kapat iku tumiba marang talere Isakhar, yaiku marang bani Isakhar miturut gotrahe.


taler Asyer rolas ewu, taler Naftali rolas ewu, taler Manasye rolas ewu,


saka taler Zebulon rolas ewu, taler Yusuf rolas ewu, taler Benyamin rolas ewu.


Yehuda banjur ngajak Simeon sadulure: “Payo padha bebarengan nglurug menyang ing pandumaning undhianku, padha nglawan perang marang wong Kanaan, dene aku besuk bakal uga genti mbiyantu kowe nglurug menyang ing pandumaning undhianmu.” Simeon banjur maju perang bebarengan karo Yehuda.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan