Rama Abram banjur diirid medal ing jaba sarta dipangandikani: “Sira tumengaa marang ing langit lan lintange etungen, yen sira bisa ngetung cacahe.” Tumuli disambeti pangandika maneh: “Iya samono bakal cacahe turunira.”
Sesotya iku kaetrapana jenenge para anake Israel, mulane cacahe kudu rolas. Lan ing saben sotya diukirna jenenge, niji miturut taler rolas, kaya patrape gawe cap.
Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.
Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.
supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”
saha ingkang dipun antos-antos dening taler kita kalih welas ing salebetipun sami nindakaken pangibadahipun rinten dalu kaliyan tegen. Inggih margi saking pangajeng-ajeng punika, dhuh, Sang Prabu Agripa, kawula dipun gigat dening tiyang-tiyang Yahudi.
Lan Nabi Yesaya nguwuh ing ngatase bangsa Israel, mangkene: “Sanadyan Banisrael iku cacahe kaya wedhine sagara, nanging mung kekarene bae kang bakal pinaringan rahayu.
Aku tumuli weruh: lah Sang Cempe jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap dening wong satus patang puluh papat ewu, kang padha kacirenan asmane piyambak lan asmane Kang Rama ana ing bathuke.
Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.