Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 7:3 - Kitab Sutji

3 tembunge: “Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurunge aku padha ngecapi para abdine Allahku ing bathuke!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 7:3
31 Iomraidhean Croise  

Lah getih iku dadia tengeran ana ing omah kang sira enggoni. Samangsa Ingsun mirsani getih mau, tindakingSun bakal nglangkungi, temah ing antaranira bakal ora ana wewelak kang mbilaeni, samangsa Ingsun nggebag marang tanah Mesir.


Sabab Pangeran Yehuwah bakal ndlajahi tanah Mesir ndhawahake wewelak. Samangsa mirsa getih ana ing dhempeling lawang kang sisih ndhuwur lan kiwa-tengen, Pangeran Yehuwah bakal nglangkungi lawang iku, lan ora nglilani juru panumpes lumebu ing omahmu nibakake wewelak.


Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung. Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.


Saben gegaman kang digembleng arep kanggo nglawan sira ora bakal bisa tumama, sarta saben wong kang nandukake pandakwa marang sira ana ing pangadilan bakal sira buktekake manawa salah. Iya iki kang bakal dadi pandumane para abdine Pangeran Yehuwah tuwin kabeneran peparingingSun, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Lan manawa ing kono isih ana kekarene saprasapuluh, iku kudu tinempuh ing bilai sapisan engkas nanging kaanane bakal kaya wit waringin lan wit elon kang tunggake isih sawuse kategor. Lan tunggak iku bakal metokake trubus kang suci!”


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Kayadene tembunge wong manawa ing dhompolan anggur isih ana banyune: iku aja dirusak, sabab ing jerone isih ana berkahe! mangkono uga Ingsun bakal tumandang marga saka para abdiningSun, yaiku wong-wong iku ora kabeh Sunsirnakake.


sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”


Para wong tuwa, wong enom lanang wadon, bocah-bocah lan wong wadon, iku padha sira patenana lan sirnakna! Nanging sakehing wong kang mawa tandha aksara T iku aja sira kapak-kapakake! Lan wiwitane saka ing papan pasuceningSun!” Banjur padha miwiti saka para pinituwa kang ana ing sangarepe Padaleman Suci.


Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu;


Sang Prabu Nebukadnezar banjur nyelaki lawanganing pawon kang murub iku sarta medhar sabda, pangandikane: “Sadrakh, Mesakh lan Abednego, para abdining Allah kang mahaluhur, metua lan mrenea!” Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego nuli miyos saka ing geni mau.


Para priyayi mau banjur padha gumrudug sowan marang ing ngarsane Sang Prabu sarta munjuk: “Dhuh Sang Prabu, mugi kauningana, bilih manut angger-anggeripun bangsa Medhia saha Persia boten wonten awisan utawi kekancingan ingkang kaundhangaken dening Sang Prabu, ingkang kenging kaewahan!”


He, sakehe wong ing nagara kang andhap-asor, kang netepi angger-anggere Sang Yehuwah, padha ngupayaa Panjenengane, ngupayaa kaadilan, ngupayaa andhap-asor, bokmanawa kowe bakal padha kaayoman ing dinane Pangeran Yehuwah.


Sira banjur bakal padha nyumurupi maneh bedane wong kang mursid karo wong duraka, bedane wong kang ngabekti karo kang ora ngabekti marang Gusti Allah.


Saupama wektune ora dicendhakake, sakabehing kang urip iki ora ana kang slamet, nanging marga saka anane wong-wong kang pinilih, wektu iku bakal dicendhakake.


Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.


Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.


Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.


Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.


Karodene si kewan mau marakake wong kabeh, gedhe cilik, sugih miskin, mardika lan batur tukon, tangane tengen utawa bathuke padha dicireni,


sarta ora ana wong bisa tetuku utawa dodolan kajaba mung kang kanggonan ciri mau, yaiku jenenge si kewan utawa cacahe wilanganing jenenge.


Aku tumuli weruh: lah Sang Cempe jumeneng ana ing gunung Sion, kaayap dening wong satus patang puluh papat ewu, kang padha kacirenan asmane piyambak lan asmane Kang Rama ana ing bathuke.


Tumuli ana malaekat liya, kang katelune nusul, pangandikane kanthi swara sora: “Manawa ana wong kang sujud marang si kewan lan marang recane iku, tuwin nampani ciri ana ing bathuke utawa ing tangane,


awitdene leres lan patitis pangadilanipun, amargi Panjenenganipun ingkang sampun ngadili wanita tunasusila ageng, ingkang ngrisak bumi srana lampahipun jina; sarta Panjenenganipun punika ingkang sampun malesaken rahipun para abdinipun dhateng wanita punika.”


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


lan bakal padha nyawang pasuryane lan bathuke bakal padha kacirenan Asmane.


Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”


Sawise iku aku weruh malaekat papat jumeneng ana ing pojoking bumi papat padha nyandhet angine bumi papat, supaya aja ana angin niyup menyang ing dharatan utawa menyang ing sagara tuwin menyang ing wit-witan.


Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,


Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan