Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 7:2 - Kitab Sutji

2 Sarta aku ndeleng malaekat liyane njedhul saka ing panggonan mletheking srengenge. Panjenengane ngampil cape Gusti Allah kang gesang, lan banjur nguwuh kanthi swara seru marang malaekat papat kang padha kaparingan kawajiban ngrusak bumi lan sagara,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 7:2
29 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”


– Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka, kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah, mulad-muladipun kados urubing latu, kados mulad-mulading latunipun Sang Yehuwah!


Sapa kang ngobahake wong iku saka ing wetan, kang ngobahake wong kang saben tumindak mesthi unggul, kang nelukake para bangsa ana ing ngarepe lan nglorod para raja? Pedhange njalari para raja mau dadi kaya lebu sarta panahe marakake kaya damen kang didamoni.


sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”


Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.


Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang!”


Nanging Gusti Yesus kendel bae. Imam Agung banjur ngandika maneh: “Demi Allah kang gesang, kandhaa marang aku kabeh, Kowe iku apa Sang Kristus, Putraning Allah, apa dudu?”


Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.


Awit pundi wonten panunggilanipun titah ingkang mireng sabdanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang, ingkang ngandika saking satengahing latu, kados ingkang kula alami punika, mangka saged lestantun gesang?


Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,


Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


Nanging kowe wis padha cedhak karo gunung Sion, karo kuthane Gusti Allah kang asipat gesang, Yerusalem kaswargan sarta karo golonganing malaekat maewu-ewu, sawijining kumpulan kang rame nyenengake,


Rahayu wong kang macakake lan para wong kang ngrungokake pangandika pamedhar wangsit iki sarta kang netepi apa kang katulisan ing jerone, awit wektune wis cedhak.


Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.


Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”


Malaekat kang kanem nyuntak bokore menyang ing bengawan Efrat, banjur tumuli asat, temah wus cumawis dalane para ratu kang rawuh saka ing bang wetan.


Tumuli aku weruh malaekat kang prakosa nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Sapa kang sembada ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele?”


Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.


Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”


Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.


Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”


Dados singa utawi bruwang wau sami dalem gebagi. Lan tiyang Filisti ikutan punika ugi badhe nemahi kados dene salah satunggalipun kewan punika, awit dene sampun ngawon-awon barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan