Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 7:1 - Kitab Sutji

1 Sawise iku aku weruh malaekat papat jumeneng ana ing pojoking bumi papat padha nyandhet angine bumi papat, supaya aja ana angin niyup menyang ing dharatan utawa menyang ing sagara tuwin menyang ing wit-witan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 7:1
23 Iomraidhean Croise  

Panjenengane bakal ngedegake gendera kanggo bangsa-bangsa, bakal nglempakake para wong Israel kang kabuwang, sarta bakal ngempalake para wong Yehuda kang sumebar ing keblat papat.


Ingsun, Yehuwah kang ngreksa; Ingsun kang tansah nyirami. Supaya aja ana wong kang ngrusuhi, rina wengi Sunjaga;


Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung. Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.


Ingsun ndhatengake marang Elam angin papat saka keblat papat lan bakal mbuyarake wong-wong iku marang keblat papat, temah ora ana bangsa siji-sijia kang ora ketekan wong Elam kang pating blesar mau.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh!”


“He, anaking manungsa, sira kandhaa: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang tanah Israel: Wus tumeka ing wekasane! Tanah ing keblat papat wus tumeka ing wekasane!


Nanging lagi bae madeg, karajane bakal pecah lan kaperang-perang manut keblat papat ing langit, nanging ora tumiba ing turune lan ora kadunungan pangwasa kaya dheweke; sabab karajane bakal ambruk lan banjur kadarbe dening wong liya, dudu wong-wong iki.


Pangandikane Sang Dhaniel mangkene: “Ing nalika bengi aku tampa wahyu, angin papat ing langit katon ngocakake sagara gedhe,


Wedhus berok lanang iku banget anggone gumunggung, nanging nalika gedhe-gedhening pangwasane, sungune kang gedhe iku sempal, tilas panggonane kathukulan sungu kang aneh papat, madhep marang keblat papat ing langit.


Nanging Pangeran Yehuwah ndhatengake prahara ana ing sagara, temah ing sagara kono banjur ana prahara gedhe, praune nganti meh-meh bae pecah ambyar.


Aku banjur tumenga maneh sarta weruh: lah ana kreta papat metu saka ing antarane gunung loro. Anadene gunung iku gunung tambaga.


Paring wangsulane malaekat: “Kabeh iku metu marang ing keblat papat, sawuse padha seba marang ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi.”


Panjenengane tumuli bakal ngutus para malaekate kanthi swaraning kalasangka kang banter banget, iku bakal padha ngumpulake wong-wong pilihane saka ing keblat papat, saka tepining langit tekan ing sisihe.


Ing wektu iku uga para malaekate bakal kadhawuhan metu nglumpukake para pepilihane saka ing keblat papat, wiwit ing wekasaning bumi nganti tekan ing wekasaning langit.


sarta bakal metu nasarake para bangsa kang ana ing pojoking bumi papat, yaiku Gog lan si Magog, padha diklumpukake kaajak perang, cacahe kaya wedhi ing sagara.


Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”


tembunge: “Aja ngrusak bumi lan sagara utawa wit-witan sadurunge aku padha ngecapi para abdine Allahku ing bathuke!”


Malaekat kang kapisan banjur ngungelake kalasangkane, tumuli ana udan es, lan geni, campur getih; lan kabeh mau katibakake ing bumi; temah sapratelone bumi lan sapratelone wit-witan kobong sarta sakehe suket ijo padha geseng.


Kang dhawuh marang malaekat kang kanem kang ngasta kalasangka mau mangkene: “Malaekat papat kang padha kabanda ana ing sacedhake bengawan Efrat iku uculana.”


Lan padha kadhawuhan, supaya aja padha ngrusak suket-suket ing bumi, utawa marang sadhengaha thethukulan lan wit-witan, kajaba mung marang manungsa kang ing bathuke ora ana cape Gusti Allah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan