Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 6:2 - Kitab Sutji

2 Tumuli aku ndeleng: Lah, ana jaran putih, kang nunggang nyekel panah lan nganggo makutha ganjaran. Wong mau banjur maju kaya kang wus unggul banjur ngrebut kaunggulan maneh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 6:2
22 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion; Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!


Dhuh Allahipun Rama Yakub, amargi saking bebendu Paduka, kapal saha ingkang numpaki sami katileman.


Masmur. Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan; kaunggulan wus kaangsalake dening Panjenengane kalawan astane kang tengen tuwin baune kang suci.


Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.


“Dhek mau bengi aku tampa wahyu: aku ndeleng ana priya nitih jaran abang, jumeneng ana ing antarane wit jambu keling kang ana ing jurang; lan ing burine ana jaran-jaran kang ulese abang, abang nom lan putih.


Gusti Yesus banjur nyelaki lan dhawuh mangkene: “Aku wis kaparingan sakabehing panguwasa ing swarga lan ing bumi.


Sabab Panjenengane mesthi ngratoni nganti tumeka sakehe mungsuhe padha dikurebake ana ing sangisoring sampeyane.


Bareng malaekat kang kapitu ngungelake kalasangkane, tumuli ing swarga keprungu swara banter padha muni mangkene: “Paprentahan ing donya iku kaasta dening Pangeran kita lan Sang Jebadane, sarta Panjenengane bakal jumeneng Ratu langgeng salawas-lawase.”


Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”


Aku banjur weruh: lah, ana mega putih, lan ing mega mau ana kang lenggah kaya Putrane Manungsa, mustakane ngagem makutha mas lan astane ngasta arit kang landhep.


Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.


Lan iku kabeh bakal padha nempuh perang nglawan Sang Cempe. Nanging bakal dikalahake dening Sang Cempe lan para kang tinimbalan lan kang padha pinilih apadene kang setya, amarga Panjenengane iku Gustine para gusti lan Ratune para ratu.”


Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.


Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.


Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan