Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 5:9 - Kitab Sutji

9 Sarta padha ngidungake kidung anyar, tembunge: “Paduka sembada nampeni gulungan kitab punika sarta ngletheki segelipun; amargi Paduka sampun kapragat lan sarana rah Paduka, Paduka sampun nebus tiyang-tiyang saking saben golongan saha basa tuwin bangsa miwah umat kagem Gusti Allah,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 5:9
41 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah, kawula badhe memuji dhumateng Paduka klayan kekidungan enggal, kawula badhe ngidung masmur kagem Paduka mawi slukat kawat sadasa.


Haleluya! Padha ngrepekna kekidungan anyar kagem Pangeran Yehuwah! Panjenengane saosana puji ana ing pasamuwane para wong mursid.


Kidungna kekidungan anyar; diprigel panabuhmu kanthi swara kang rame!


Aku dientasake saka luwenging bilai, lan saka ing bladhering rawa, sikilku banjur didegake ana ing parang, jangkahku dikukuhake.


Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar, he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!


Masmur. Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan; kaunggulan wus kaangsalake dening Panjenengane kalawan astane kang tengen tuwin baune kang suci.


padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwah lan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi! Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh, tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.


Nuli ana abdi duta kang nguwuh-uwuh kalawan swara sora: “Mangkene kang kadhawuhake marang sira kabeh, heh para bangsa, suku bangsa lan kang basane apa bae:


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Tuwin margi saking kaagungan ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenenganipun punika, mila para tiyang saking sadaya bangsa, suku-bangsa saha basa sami ajrih saha gumeter wonten ing ngarsanipun; panjenenganipun mejahi sinten ingkang dipun karsakaken, paring kaluhuran dhateng ingkang dipun karsakaken saha nglorod sinten ingkang dipun karsakaken.


Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.


Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”


Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa.


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!


Kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoning manungsa.


Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate,


lan rerasanana siji lan sijine nganggo masmur, kidung pamuji lan kidung kasukman. Ngidunga lan surak-suraka kagem Gusti kanthi tulusing ati.


Ana ing Panjenengane anggon kita nduweni tetebusan, yaiku pangapuraning dosa.


Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, lan wus kagelarake ana ing salumahing bumi sakurebing langit, lan aku iki, Paulus, kang wis dadi paladose.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Jalaran wong kang ngucap mangkono iku nelakake, manawa padha kapengin ngupaya tanah wutah rah.


Kayadene dhek biyen ing antarane umate Gusti Allah ana kang ngaku-aku nabi, mangkono ing antaramu iya bakal ana kang ngaku-aku guru, kang padha nylundupake piwulang-piwulang panasaran kang nuntun marang karusakan, malah bakal padha nyelaki Kang Kuwaos, kang wis nebus wong-wong mau lan marga saka iku bakal njalari karusakane dhewe.


Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.


Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.


Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.”


Karodene panunggalane para bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan, padha nonton layone lawase telu satengah dina lan wong-wong iku ora nglilani layone dikubur.


Sarta maneh kalilan nempuh perang lan ngalahake marang para suci; tuwin kaparingan panguwasa misesa marang angger taler lan umat tuwin basa sarta bangsa.


Lan kabeh wong kang manggon ing bumi bakal padha sujud marang si kewan, yaiku saben wong kang jenenge wiwit nalika jagad tinalesan ora katulisan ing buku kauripan kagungane Sang Cempe kang wus kasembeleh.


Lan aku tumuli weruh malaekat liyane mabur ing awang-awang ngasta Injil kang langgeng diwartakake marang wong kang padha manggon ana ing bumi lan marang sadhengah bangsa lan taler tuwin basa sarta golongan,


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Malaekat mau tumuli ngandika marang aku: “Kabeh banyu kang kokdeleng, kang dilungguhi dening wanita tunasusila iku ngibarati para bangsa lan rakyat akeh tuwin golongan apadene basa.


“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”


pangucape kalawan swara sora: “Sang Cempe ingkang sampun kapragat punika sembada nampeni panguwaos, lan kasugihan, sarta kawicaksanan, saha kakiyatan, tuwin kaurmatan, miwah kamulyan lan pangalembana.”


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan