He para malaekate, para prawira prakosa kang nglakoni apa sadhawuhe, kalawan ngrungokake swaraning pangandikane, padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah.
Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.
Tumuli ana malaekat kang prakosa, ngangkat watu kang gedhene sawatu panggilingan, banjur kajegurake ing sagara, pangandikane: “Iya kaya mangkono iku kutha gedhe Babil, bakal kauncalake mangisor sarosane, lan banjur ora bakal ketemu maneh.
Aku tumuli sumurup kitab gulungan ana ing astane tengen kang lenggah ing dhampar mau, kang katulisan ing jero lan ing jaba lan disegel nganggo segel pitu.
Banjur ana pinituwa kang ngandika marang aku: “Kowe aja nangis! Lah, Sang Singa kang saka trah Yahuda, yaiku sogolane Sang Prabu Dawud, wus unggul, temah bisa ngudhari gulungan kitab iku lan ngletheki segele pitu.”