Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 4:8 - Kitab Sutji

8 Makluk papat mau siji-sijine ana suwiwine ngenem, ing saubenge lan ing jerone padha kebak mripat, lan rina-wengi tanpa leren anggone ngucap mangkene: “Suci, suci, suci Pangeran Allah, ingkang Mahakuwasa, ingkang rumiyin wonten, ing samangke wonten, saha ingkang badhe rawuh.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 4:8
42 Iomraidhean Croise  

Nalika Rama Abram yuswa sangang puluh sanga taun, diketingali dening Sang Yehuwah sarta kadhawuhan mangkene: “Ingsun iki Allah Kang Mahakawasa, sira lumakua ana ing marginingSun lan ditanpa cacad.


Wong kang dumunung ana ing pangaubane Kang Mahaluhur lan nginep ing pangayomane Kang Mahakuwasa,


Dhuh Yehuwah, panunggilanipun para allah sinten ingkang nyameni Paduka; sinten ingkang kados Paduka, mulya margi saking kasucen Paduka, ngajrih-ajrihi awit saking pakaryan Paduka ingkang misuwur? Paduka nindakaken kaelokan.


Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”


Padha ngadhuh-adhuha, sabab dinane Sang Yehuwah wus cedhak, tekane iku kayadene pangrusak saka Kang Mahakwasa.


Marga saka Sion aku ora bisa meneng, lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren, nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahya lan karahayone murub kaya obor.


Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng.


Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,


nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.


Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.


Adhuh bilai dina iku, dene nyata wus chedak dinane Pangeran Yahuwah, tekane awujud karusakan saka Kang Mahakwasa.


Mulane sing padha waspada lan padha eling-elingen, yen aku telung taun lawase, anggonku rina wengi ora kendhat-kendhat kalawan luh mituturi marang kowe dhewe-dhewe.


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.


Diawas marang awakmu dhewe lan piwulangmu. Aja kemba-kemba anggonmu nindakake iku kabeh, amarga manawa kowe tumindak mangkono, kowe bakal mitulungi iya awakmu dhewe, iya kabeh wong, kang padha ngrungokake marang pituturmu.


Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.


Gusti Yesus Kristus iku dhek wingi apadene ing dina iki sarta ing salawas-lawase tetep ora ewah gingsir.


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


“Ingsun iki Sang Alfa lan Sang Omega, Pangandikane Gusti Allah kang ana, lan kang wus ana, sarta kang bakal rawuh, kang Mahakuwasa.”


unjuke, “Dhuh Pangeran, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos, ingkang wonten, saha ingkang kala rumiyin wonten, kawula sami saos sokur dhumateng Paduka, amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung saha sampun wiwit ngasta kaprabon.


Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”


Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.


Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!


Makluk siji ing antarane makluk papat mau tumuli ngulungake bokor mas pitu marang malaekat pitu mau, kabeh kebak isi bebenduning Allah kang gesang langgeng ing salawas-lawase.


Yaiku roh-roh setan kang nganakake mukjijat-mukjijat, kang padha lunga nggoleki ratu-ratu saindenging jagad, padha diklumpukake diajak perang ing dina kang wingit, yaiku dinane Gusti Allah kang Mahakuwaos.


Apadene aku krungu misbyah ngucap mangkene: “Dhuh Pangeran, Allah, Ingkang Mahakuwaos, leres lan adil sadaya pangadilan Paduka punika.”


Ing tutuke metu pedhange kang landhep, kang bakal disabetake marang sakehing bangsa. Dene Panjenengane kang bakal ngengen kalawan lantaran wesi lan bakal meres anggur ana ing pamipitan anggur yaiku bebenduning dukane Gusti Allah, Kang Mahakuwaos.


Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk: “Amin, Haleluya!”


Lan ana ing kono iku aku ora weruh Padaleman Suci; amarga Pangeran Allah, Gusti kang Mahakuwaos iku Padaleman Suci, mangkono uga Sang Cempe.


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.


Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.


Anadene makluk mau saben-saben padha ngunjukake pamuji lan pakurmatan tuwin puji sokur marang Panjenengane kang lenggah ing dhampar lan kang gesang langgeng ing salawas-lawase,


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Lah aku banjur sumurup Sang Cempe iku nglethek segel kang kapisan saka segel pitu mau, lan aku krungu makluk papat mau kang kapisan ngucap, swarane kaya gludhug: “Mara ndelenga!”


Aku tumuli krungu ana swara ing tengah-tengahe makluk papat iku tembunge: “Gandum sataker sadinar, lan sair telung taker sadinar. Ananging aja ngrusakake lenga lan anggur iku.”


Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,


Mulane padha ngadhep ana ing ngarepe dhamparing Allah lan padha ngladosi Panjenengane rina-wengi ana ing Padalemane Suci, apadene bakal padha ingauban dening kang lenggah ing dhampar iku kalawan tarube,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan