Yehuda iku kaya anak singa, sawuse nubruk memangsan, banjur munggah ing papan kang dhuwur, anakku engger! Lagi ndhekem lan njerum kaya anak singa lanang utawa kaya singa wadon, sapa kang wani nangekake?
Prabu Saul lan Sang Yonatan, wong kang kinasihan lan sumlondhoh, sugenge lan sedane ora pinisah. Kebate ngluwihi abure manuk garudha, rosane ngungkuli singa.
Marga saka anane pambrontakan ing sawijining nagara, akeh kang nyekel pangwasa, ewasamono marga saka anane wong kang mawa budi lan kadunungan kawruh, angger-angger tetep ana.
nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar: padha mabur mumbul kaya manuk garudha kalawan kakuwataning swiwine; padha lumayu lan ora nganti lesu, padha lumaku nanging ora sayah.
Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.
Kang kapisan rupane kaya singa, lan nganggo swiwining manuk garudha. Iku terus bae daksawang nganti swiwine dijabut; kewan mau nuli kajunjung saka ing lemah lan kaadegake kaya manungsa sarta banjur kaanjingan ing atining manungsa.
Sanadyan sira mabur dhuwur kaya manuk garudha, malah sanadyan susuhira ana ing antarane lintang-lintang, Ingsun iya bakal ngudhunake sira saka ing kono, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Lah satunggaling bangsa ingkang gumregah kados singa estri, ingkang ngadeg jejeg kados singa jaler, ingkang boten purun njerum, saderengipun nedha memangsanipun lan ngombe rahipun ingkang dipun pejahi.”
Lagi mendhak njerum kaya singa lanang, iya kaya singa wadon, sapa kang wani ngadegake? Sing sapa mberkahi kowe, bakal ginanjar ing berkah, lan sing sapa ngipat-ipati kowe, bakal kena ing ipat-ipat!”
Sang Yehuwah bakal ndhatengake sawijining bangsa kang adoh sangkane, saka ing pungkasane bumi, kang tekane kaya manuk garudha kang nyamber; bangsa kang ora kokngreteni basane;
Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.
Lan nalika Sang Cempe iku nglethek segel kang katelu aku krungu makluk kang katelu ngucap: “Mara ndelenga!” Tumuli aku weruh: lah, ana jaran ireng, kang nunggangi nyekel timbangan.