Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 4:5 - Kitab Sutji

5 Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 4:5
24 Iomraidhean Croise  

Karodene pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram maneh: “Ingsun iki Yehuwah kang wus ngirid sira metu saka Ur-Kasdim; marga bakal Sunparingi tanah iki dadi darbekira turun-tumurun.”


sarta maneh padamaran-padamaran emas murni dalah damar-damare, kang bakal padha disumedi ana ing sangarepe kamar mburi miturut pepacak;


Padha ngakonana pangwasaning Allah; kaluhurane ngayomi Israel, pangwaose ana ing mega-mega.


Kacarita bareng dina kang katelune ing wayah bangun esuk, ing gunung ana gludhug lan bledheg sarta mendhung kang kandel, apadene swaraning kalasangka kang banter banget, temahan wong kang ana ing tarub padha giris kabeh.


Kacarita bareng bangsa mau padha krungu gumlegering gludhug lan bledheg samber-samberan, unine kalasangka, apadene kumeluning pega saka ing gunung, padha wedi lan gumeter sarta tumuli padha mundur ngadoh,


Padamaran iku iya sira gawekna clupak pitung iji, katumpangna ing ndhuwure, supaya madhangi kang ana ing ngarepe.


Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.


Ing satengahing makhluk-makhluk mau ana kang katon kaya mawa geni mengangah, kayadene obor kang obah mrana-mrene ana ing antarane makhluk-makhluk kang urip iku; geni mau mubyar sarta metu kilate kang padha sesamberan.


Pangeran Yehuwah bakal nggero saka ing Sion, ngumandhangake swarane saka ing Yerusalem, langit lan bumi gonjang-ganjing. Nanging Sang Yehuwah dadi pangungsen tumrap umate, lan dadi beteng tumrap wong Israel.


Pangandikane marang aku: “Kowe ndeleng apa?” Atur wangsulanku: “Kula ningali padamaran mas bleg, wadhahipun lisah wonten ing perangan nginggil; padamaran punika wonten damaripun pitu, kaliyan malih ing nginggilipun damar satunggal-tunggalipun wonten torongipun pitu;


“Ing wektu iku Kratoning Swarga bakal kaupamakake kaya prawan sapuluh, kang mangkat methuk panganten lanang kanthi nggawa diyan.


Aku iki mbaptisi kowe kabeh nganggo banyu amrih patobatmu, nanging kang bakal rawuh nungka aku, iku luwih kuwasa tinimbang aku lan mbok nyopot ageme trumpah bae aku ora pantes. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.


banjur padha ndeleng ilat-ilatan kaya urubing geni, kang ambyar lan nibani sawiji-wijining wong mau kabeh.


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Malaekat mau nguwuh kalawan swara seru kaya panggeroning singa. Sawuse iku nguwuh, ngludhug pitu banjur padha nyuwara.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Malaekat mau tumuli mundhut padupan mas iku, diiseni geni saka ing misbyah, lan geni iku banjur diuncalake marang ing bumi. Tumuli ana swara gumlegering gludhug, bareng lan bledheg sarta lindhu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan