Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 4:4 - Kitab Sutji

4 Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 4:4
24 Iomraidhean Croise  

Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.


Sapangesthining panggalihipun sampun Paduka paringi, saha panyuwun ingkang kawedal saking lathinipun boten Paduka tampik. (Selah)


Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.


supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”


Saiki aku wus ginantungan makuthaning kayekten, kang bakal kaparingake marang aku dening Gusti, Sang Hakim kang adil, ing Dinane, tur ora mung marang aku bae, nanging uga marang sakehing wong kang padha cecengklungen marang rawuhe.


Para pinituwa patlikur, kang padha lungguh ing dhampar ana ing ngarsaning Allah banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah,


Iku padha ngidungake kidung anyar ana ing ngarepe dhampar lan ing ngareping makluk papat tuwin para pinituwa iku, lan ora ana wong kang bisa nyinau kidung iku, kajaba mung wong satus patang puluh papat ewu kang wus padha katebus saka ing bumi iku.


Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.


Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk: “Amin, Haleluya!”


Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga! Lah sanyatane Iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.


Aku banjur weruh dhampar-dhampar lan kang padha nglenggahi; sarta tumuli padha kaampilan pangadilan. Aku uga weruh nyawane wong-wong kang wus katigas gulune marga saka paseksene marang Gusti Yesus lan marga saka pangandikane Gusti Allah; kang ora padha sujud marang si kewan utawa marang recane, sarta ora nampani ciri ing bathuke lan ing tangane, iku kabeh padha urip maneh lan ndherek jumeneng ratu kalawan Sang Kristus lawase sewu taun.


mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.


para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk:


Karodene ing ngarepe dhampar ana sagara kaca kristal; ing satengahe dhampar lan ing saubenge ana makluk papat padha kebak mripat ana ing ngarep lan ing buri.


Aku tumuli ndeleng lan krungu swarane malaekat akeh ing sakubenging dhampar, lan makluk-makluk tuwin para pinituwa; cacahe maleksa-leksa lan maewu-ewu leksa,


Anadene makluk papat iku padha ngucap: “Amin!” Sarta para pinituwa mau padha sumungkem sujud.


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Nalika Panjenengane mundhut gulungan kitab mau, makluk papat lan pinituwa patlikur iku tumuli sumungkem ana ing ngarsane Sang Cempe, siji-sijine nyekel clempung lan bokor mas, kebak isi menyan; yaiku pandongane para Suci.


Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.


Anadene sakehing malaekat padha mapan ana ing saubenging dhampar lan para pinituwa tuwin makluk papat iku. Iku padha sumungkem ana ing ngarepe dhampar sarta padha sujud marang Gusti Allah,


Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.


Anadene mungguh rupane walang-walang mau kaya jaran kang samekta ing perang, ing endhase ana kang saemper makutha emas, raine kaya raine manungsa,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan