sarta padha ndeleng Gusti Allahe Israel; kang minangka ancik-ancikaning sampeyane iku memper kaya srasahan sotya manila kang mencorong kaya langit kang sumilak padhang.
Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.
Ing sadhuwuring langit kang mayungi para makhluk mau ana rerupan kang katon kaya dhampar, memper karo sesotya manila; lan ing sadhuwure kang rupane kaya dhampar iku ana kang katone kaya manungsa.
Kayadene kluwung kang ing mangsa udan katon ana ing mendhung, iya kaya mangkono iku katone sunar kang ngubengi. Kaya mangkono katone gambaring kamulyane Pangeran Yehuwah. Bareng aku ndeleng iku aku banjur nyembah sujud, sarta krungu swaraning Panjenengane kang medhar pangandika.
Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine: jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo, sesotya pirus, krisopras lan nefrit, lazurit, sesotya mirah lan malakit. Embanane kang kagawe emas lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.
Aku tumuli weruh malaekat liyane kang prakosa tumedhak saka ing swarga, asingep mega, lan ing sadhuwuring mustakane ana kluwunge, wedanane kaya srengenge, sampeyane kaya tugu geni.