Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 4:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono aku weruh: Lah, lawanging swarga ana kang menga sarta ana swara kang wus dakrungu biyen, ngandikani aku kaya swarane kalasangka, mangkene: “Sira munggaha mrene bakal Suntedahi apa kang sawuse iki pinesthi kalakon ing tembe.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 4:1
21 Iomraidhean Croise  

Iki jenenge para putrane Rama Israel kang padha teka ing tanah Mesir, tekane ndherek Rama Yakub; siji-sijine karo brayate:


Pangeran Yehuwah nuli dhawuh: “Wis, sira mundura, banjur munggaha maneh karo Harun, nanging para imam lan rakyat aja nganti mbrobos ing pager sarta munggah sowan ing ngarsaning Yehuwah, supaya aja nganti padha kena ing bebendune.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira munggaha ing gunung sowan marang ing ngarsaningSun, lan tetepa ana ing kono, nuli sira bakal Sunparingi papan watu, kang wus Sunserati angger-angger lan pepakon, supaya sira wulangna marang wong-wong iku.”


Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!” Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur. Apa mripatmu ndeleng,


Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah.


Sawise kabaptis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lah ing kono langit tumuli piyak lan Panjenengane mirsa Rohing Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.


Bareng Panjenengane mentas saka ing banyu, banjur mirsa langit piyak, sarta Roh apindha manuk dara tumedhak ing Panjenengane.


Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,


Nanging yen Sang Juru Panglipur iku rawuh, iya iku Rohing Kayekten, iku bakal nuntun kowe marang kayekten sasampurnane. Awit mungguh pamangsite iku ora bakal saka karsane piyambak, nanging sapamirenge iku kang bakal diwangsitake sarta kowe bakal diwartani bab-bab kang bakal kalakon.


panjenengane mirsa langit piyak sarta banjur ana barang kang awujud lawon amba, poncote papat katalenan, kang kaudhunake menyang ing lemah.


Nuli ngandika: “Sanyata, aku weruh langit piyak lan Putraning Manungsa jumeneng ing tengening Allah.”


Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,


Aku tumuli noleh arep meruhi swara kang mangandikani aku iku. Lan sawuse noleh, sumurup ana padamaran mas pitu.


Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.


Wong-wong mau tumuli padha krungu swara seru saka ing swarga mangandikani: “Padha munggaha mrene!” Banjur padha munggah menyang ing langit, katutupan mega, kadeleng dening para satrune.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Malaekat kang kapitu nyuntak bokore menyang ing awang-awang. Saka ing Padaleman Suci banjur kaprungu swara seru saka ing dhampar iku, pangandikane: “Wus kalakon.”


Aku banjur weruh swarga menga: lah, ana sawijining jaran putih; dene asmane kang nitihi: “Kang Setya lan Kang Sanyata.” Panjenengane ngadili lan merangi kalawan adil.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Pangandika iku mau patitis lan nyata, sarta Pangeran, Allah kang paring roh marang para nabi, wus ngutus malaekate supaya nuduhake marang para abdine apa kang pinesthi enggal kalakon.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan