Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 3:9 - Kitab Sutji

9 Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 3:9
13 Iomraidhean Croise  

Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.


Ing ngriku sakathahing para abdi dalem badhe sami ndhatengi kawula kaliyan sumungkem sarta wicantenipun: Sumangga panjenengan tindak, panjenengan dalah sadaya ingkang ndherek panjenengan. Sasampunipun makaten kawula lajeng badhe kesah.” Nabi Musa banjur mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon klawan duka banget.


Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSun tuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira, mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira, tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Pametuning tanah Mesir lan sakehing kauntungane Etiopia lan para wong ing Syeba, para wong kang pawakane dhuwur, bakal padha ngalih marang tanahira tuwin dadi duwekira, iku bakal padha lumaku ana ing burinira kalawan dirante; bakal padha sujud marang sira sarta bakal ngempek-empek marang sira kalawan tembunge: Namung wonten ing tengah-tengah paduka Gusti Allah punika, tuwin sanesipun boten wonten; kajawi Panjenenganipun boten wonten allah sanesipun!


Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”


anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.


Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.


Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, – ananging sira sugih – apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.


Wasana saka turunira kang isih urip bakal sujud ngabekti marang iku nyuwun dhuwit salaka utawa roti sacuwil, lan bakal matur: Kula mugi panjenengan papanaken wonten ing salah satunggaling golongan imam punika, supados kula saged nedha roti sacuwil.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan