Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 3:4 - Kitab Sutji

4 Nanging ing Sardis kono uga ana wong sawatara kang ora ngregedi sandhangane; wong-wong iku bakal ndherek ing satindakingSun kalawan manganggo putih, marga wus padha sembada.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 3:4
31 Iomraidhean Croise  

Nanging Ingsun bakal ngarekake wong pitung ewu ana ing Israel, yaiku sakehe wong kang ora sujud nyembah marang Baal lan kang cangkeme ora nucup marang Baal iku.”


Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.


Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang? Swiwining manuk dara padha diselut selaka, sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.


Sandhanganmu dimen lestari putih lan sirahmu aja nganti ora koklengani.


Saupama Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah ora ngarekake sathithik kanggo kita wong kang padha oncat, kita wus padha kaya Sodom lan padha kaya Gomora.


Tangia, tangia! Anggonen kakuwatanmu kayadene sandhangan, he Sion! Anggonen sandhanganmu kang endah, he Yerusalem, kutha kang suci! Amarga ora ana wong kang ora tetak utawa kang najis, kang bakal lumebu maneh ing jeromu.


Jaring kang ditenun mau ora kena dianggo sandhangan, lan gegaweane ora kena dianggo kemul; panggawene iku panggawe kang ambek siya, sarta kang ditindakake dening tangane iku mung awujud kekerasan.


Ingsun asukarena ana ing Pangeran Yehuwah, nyawaningSun asurak-surak ana ing AllahingSun, awit Ingsun ingageman busananing karahayon sarta diagemi jubahing kabeneran, kayadene penganten lanang kang nganggo rerenggan sirah tuwin kaya penganten wadon kang nganggo pepasrene.


ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan “wit elah ing bab kabeneran”, “tanemaning Pangeran Yehuwah” kanggo ngatonake kaluhurane.


Margi saking makaten kawula sadaya punika kadosdene tiyang ingkang najis saha sakathahing kamursidan kawula punika kadosdene lawon ingkang reged; kawula sadaya sami dados alum kados ron tuwin sami sirna margi saking piawon kawula kados ron ingkang kasirnakaken ing angin.


dadia tenunan utawa anaman lawe, dadia lulang utawa sadhengaha dandanan lulang,


Manawa kowe lumebu ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu.


Nuli padha lumebu ing pasarean lan padha weruh priya nom-noman lenggah ing sisih tengen, ngagem jubah putih, temahan padha kaget.


nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:


iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.


Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Ing nalika iku ana lindhu kang luwih dening gedhe lan saprasapuluhe kutha iku jugrug, lan wong pitung ewu padha mati dening lindhu iku; lan wong-wong liyane padha giris banget, banjur padha ngluhurake Gusti Allah ing swarga.


Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.


Anadene wadya-bala ing swarga padha ndherekake tindake; lan padha nunggang jaran putih sarta manganggo mori alus kang putih resik.


Sarta pangantene putri kaparingan pangageman mori alus kang putih resik gumilap!” (Anadene mungguh mori alus iku ngibarati kautamane para suci).


mulane Ingsun mituturi sira, supaya sira tukua mas kang binesot ing geni marang Ingsun, supaya sira dadia sugih; lan uga sandhangan putih, supaya sira manganggoa, temah aja nganti katon anggonmu wuda, kang ngisin-isini; apadene lenga kang kagawe mblonyohi mripatira, supaya bisa ndeleng.


Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.


Anadene ing saubenge dhampar mau ana dhampare patlikur linenggahan ing pinituwa patlikur, padha mangagem putih sarta ngagem makutha emas.


Tumuli padha kaparingan jubah putih, sarta kadhawuhan, supaya lerem sawatara mangsa engkas nganti tumeka saganeping cacahe para kancane abdi lan sadulur-sadulure, kang iya bakal padha dipateni, kaya wong-wong mau.


Sawuse mangkono aku weruh: lah ana golonganing wong akeh kang cacahe tanpa wilangan, saka sakehing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa, ngadeg ana ing sangarepe dhampar lan ing ngarsane Sang Cempe, padha nganggo jubah putih lan nyekel godhong kurma.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan