Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 3:3 - Kitab Sutji

3 Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 3:3
24 Iomraidhean Croise  

Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala.


Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.


Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”


“Sing padha ngati-ati lan tansah padha meleka! Sabab kowe ora padha sumurup ing wektune.


iku supaya manawa dheweke teka, aja nganti kowe tinemu lagi turu.


amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.


He, Timoteus, kang wus kapitayakake marang kowe iku reksanen. Paguneman kang tanpa isi lan kang ora suci sarta bebantahan-bebantahan kang asale saka kang diarani kawruh, iku singkirana.


Apa kang wus kokrungu saka aku iku antepana, dadia tuladha piwulang kang bener-becik lan lakonana sajroning pracaya lan katresnan ana ing Sang Kristus Yesus.


Marga saka iku kita kudu luwih tliti anggon kita nggatekake apa kang wus kita rungu, supaya kita ora kentir katut ilining banyu.


Sadurunge aku ninggal tarubing badanku iki anggonku tansah ngelingake kowe marang iku mau kabeh iku dakanggep dadi kawajibanku.


He, para kekasih, iki wis layang kang kapindho, kang daktulis marang kowe. Ana ing layang loro iku aku mbudidaya nenangi pangreten kang murni kalawan aweh pepeling-pepeling,


Nanging bakal tekane dinaning Gusti iku patrape kaya maling; ing dina iku langit bakal sirna kanthi swara gumuruh nggegirisi sarta dhedhasaring wujuding donya bakal lebur kaobong sarta bumi lan kabeh kang ana ing kono bakal ilang sirna.


“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”


Nanging apa kang sira duweni iku kukuhana nganti sarawuhingSun.


Kang iku sira elinga sapira jerone anggonira keplorod! Mula mratobata sarta nglakonana kaya panggawenira kang sakawit. Manawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira saka ing panggonane, manawa sira ora mratobat.


“Lah Ingsun bakal enggal rawuh. Rahayu wong kang netepi ing pangandika wedharing wangsite kitab iki!”


Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.


Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!


Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan