Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 3:2 - Kitab Sutji

2 Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 3:2
31 Iomraidhean Croise  

Awit nalika Sang Prabu Suleman wus sepuh, para garwane padha ngengokake panggalihe supaya ngabekti marang allah-allah liyane, satemah banjur wus ora meleng anggone rumaket marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, kaya Sang Prabu Dawud, kang rama.


Sang Prabu Abiam iku sajrone sugenge tansah nindakake sakehing dosane kang sadurunge wus dilakoni dening ramane sarta anggone madhep marang Yehuwah Gusti Allahe ora kanthi gumolonging panggalih kaya Sang Prabu Dawud, kang eyang.


Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, mung bae ora kalawan gumolonging panggalih.


Aku bisa nyantosakake atimu kalawan cangkem lan lambeku ora dakpekak anggone ngucapake piwales.


Tangan kang lemes lempe-lempe padha kuwatna lan dhengkul kang theklok padha santosakna.


Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae;


Ingsun arsa mratelakake kamursidanira lan sakehing panggawenira, nanging iku kabeh tumrap sira ora ana gunane:


Kang ilang bakal Sunpadosi, kang katriwal bakal Sunbekta bali, kang tatu bakal Sunblebed, kang lara bakal Sunkiyatake, apadene kang lemu lan kang rosa bakal Sunayomi. Bakal padha Sunengon samesthine.


Tekel: gusti kawula dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen;


Marga lah Ingsun bakal ngadegake pangon ana ing nagara kene, kang ora ngeman sabarang kang ilang, ora nggoleki kang ketriwal, ora nambani kang ketaton, ora ngopeni kang waras, malah kang lemu-lemu dipangan daginge, lan njabuti tracake.


Sakabehing tindak-tanduke iku mung supaya bisaa katon ing wong; nganggo tali sembahyang amba, nganggo gombyok dawa-dawa.


Mulane padha meleka, awit kowe padha ora weruh dinane lan wayahe.”


Prawan-prawan mau padha tangi lan nata diyan-diyane.


Sawuse lereb sawatara dina ana ing kono, panjenengane banjur tindak maneh njajah ing satanah Galati lan Frigia kabeh, nyantosakake atine para siswa kabeh.


Lan sira prentaha marang Yusak; sira bombonga lan sira santosakna atine, marga iku kang bakal nyabrang ngirid lakune bangsa iki, iya dheweke iku kang bakal nuntun nganti padha ndarbeni nagara kang bakal sira deleng iku.


Kawusanane samubarang kabeh wis cedhak. Marga saka iku dibisa ngemudheni dhirimu sarta disareh, supaya kowe padha bisa ndedonga.


Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.


“Wruhanira, Ingsun rawuh kaya maling. Rahayu, wong kang jumaga lan kang ngrumat sandhangane, supaya anggone lumaku aja nganti kalawan wuda lan katon kawirangane.”


Sanadyan mangkono sira Ingsun waoni, dene sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


Kang iku sira elinga, kapriye anggonira nampani lan krungu; iku tetepana lan mratobata! Jalaran manawa sira ora jumaga, Ingsun bakal ngrawuhi sira kaya maling, sarta sira ora bakal sumurup wayah apa anggoningSun ngrawuhi sira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan