Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 3:1 - Kitab Sutji

1 “Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 3:1
30 Iomraidhean Croise  

Sabab anakku iki wis mati, urip maneh, wis ilang, ketemu. Banjur padha wiwit sukan-sukan.


Aku kabeh wis samesthine kudu padha bungah-bungah lan seneng-seneng, jalaran adhimu wis mati urip maneh, wis ilang ketemu.”


Saka ing kasampurnane kita kabeh wus tampa ganjaran sih mawantu-wantu.


Maune aku iya ora wanuh karo Panjenengane, nanging kang ngutus aku mbaptisi ing banyu, wus ngandika marang aku: Manawa sira weruh Roh iku nedhaki sawijining wong lan dedalem ing sarirane Wong mau, iya iku kang bakal mbaptis sarana Roh Suci.


Sawuse ngandika mangkono, tumuli padha didamoni, lan dipangandikani: “Padha nampanana Roh Suci.


Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates.


Punapadene sareng Panjenenganipun sampun jinunjung dening astanipun tengen Gusti Allah tuwin tampi Roh Suci ingkang kaprasetyakaken punika, Panjenenganipun lajeng ngesokaken punapa ingkang sampun panjenengan uningani saha panjenengan pireng wonten ing ngriki.


Kowe biyen padha mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.


wus nguripake kita bareng karo Sang Kristus, sanadyan ta kita wis padha mati, awit saka kaluputan-kaluputan kita – marga saka sih-rahmat kowe padha kapitulungan rahayu –


Mangkono uga kowe, sanadyan ing maune kowe padha mati dening panerakmu lan ora tetak sacara lair, wus diuripake dening Gusti Allah bareng lan Panjenengane, yaiku sawuse Panjenengane ngapura sakehing panerak kita,


Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.


Jalaran kayadene badan tanpa sukma iku mati, mangkono uga pracaya tanpa panggawe iku iya mati.


Dene para nabi iku padha niti-priksa: jaman apa sarta kapriye karsane Rohe Sang Kristus, kang ana ing batine, yaiku Roh kang sadurunge paring paseksen bab sakehing kasangsaran kang bakal tumempuh marang Sang Kristus sarta bab sakehing kamulyan ing sawise iku.


Wong iku padha dadi blentong ana ing bujananing katresnanmu, samangsa melu kepungan, ora duwe isin, melu mbruwah mburu enake dhewe. Wong iku padha kaya mega kang tanpa banyu kang kabur katut ing angin; prasasat wit-witan kang ora metokake woh ing mangsa gogrog godhonge, kaya wit-witan kang sol saoyod-oyode sarta kang mati kaping pindho.


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Astane kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorot sumelet kaya srengenge.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Saka Yokanan marang pasamuwan pepitu kang ana ing tanah Asia-Cilik: Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh, saka Panjenengane, kang ana lan kang wus ana sarta kang bakal rawuh, apadene saka roh pepitu kang padha ana sangareping dhampar,


Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.


Ingsun ngudaneni panggawenira kabeh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadene pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawenira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Ingsun ngudaneni ing kasusahanira lan kamlaratanira, – ananging sira sugih – apadene pangala-alane wong kang ngaku-aku wong Yahudi, mangka sanyatane dudu; dene satemene wong-wong iku paguyubane Iblis.


Ingsun ngudaneni ing sakehing panggawenira, yen sira iku ora adhem lan ora panas. Saiba becike saupama sira adhem utawa panas.


Sira tangia, lan nyantosakna apa kang isih kari kang wus ngarepake mati, awit panggawenira iku ora ana siji-sijia kang sampurna ana ing ngarsane AllahingSun.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira. Sira wus Sunwengani lawang kang ora bisa kainebake dening wong. Ingsun mirsa manawa kakuwatanira ora sapiraa, nanging sira netepi pangandikaningSun sarta ora nyelaki asmaningSun.


Saka ing dhampar mau ana kilate kang metu lan swara gludhug kang gumleger, lan ing ngarepe dhampar ana obor pitu kang padha murub: yaiku Rohe Gusti Allah pepitu.


Aku banjur sumurup ing satengahe dhampar lan makluk papat iku tuwin ing satengahe para pinituwa mau ana Cempe jumeneng katone kaya wus kasembeleh, singate pitu lan tingale pitu: yaiku Rohe Allah pepitu kang kautus menyang ing salumahing bumi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan