WAHYU 21:3 - Kitab Sutji3 Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe. Faic an caibideil |
mangkene pangandikane Sang Yehuwah marang aku: “He, anaking manungsa, iku dhamparingSun lan papaning tlapakaningSun; Ingsun bakal dedalem ana ing kene ana ing satengahing wong Israel, ing salawas-lawase sarta turune Israel ora bakal najisake maneh asmaningSun kang suci, iya wong-wong iku kabeh, iya para rajane, kalawan anggone laku jina utawa kalawan mayite para rajane kang wis padha mati;
Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”
Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.