Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 2:7 - Kitab Sutji

7 Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 2:7
36 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah Allah banjur nukulake wit-witan rupa-rupa saka ing bumi, kang asri dineleng lan becik kanggo pangan, mangkono uga wit panguripan ana ing satengahing patamanan, sarta maneh wit pangawruhing becik lan ala.


Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.


Pangarep-arep kang kasumenekake, gawe sedhihing ati, nanging pepenginan kang katutugan iku wit panguripan.


Ilat kang sareh iku wit panguripan, nanging ilat cidra gawe tatuning ati.


Iku dadi wit panguripan tumrap wong kang padha nyekel sarta kang padha gondhelan iku kaaranan begja.


Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allah kang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine: jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo, sesotya pirus, krisopras lan nefrit, lazurit, sesotya mirah lan malakit. Embanane kang kagawe emas lan iku dicawisake ing dina sira katitahake.


Wit eres kang ana ing patamananing Allah ora bakal padha bisa nandhingi, samono uga wit beros ora bakal padha bisa madhani pang-pange kang cilik, sarta wit armon ora ana kang kena katandhingake karo pang-pange kang gedhe. Sakehing wit-witan ing patamananing Allah ora ana kang bisa katandhingake ing bab kaendahane.


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.


Ing nalika iku para wong sampurna bakal padha mancorong kaya srengenge ana ing Kratone Ramane. Wong kang duwe kuping, ngrungokna.”


Sapa kang duwe kuping ngrungokna.”


Apamaneh pangandikane: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”


Samubarang kang saka ing jaba lumebu ing manunga, iku ora njalari najis, nanging apa kang metu saka ing manungsa, iku kang marakake najis.


[Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku pitutur marang kowe, satemene ing dina iki uga kowe bakal bebarengan karo Aku ana ing Pirdus.”


Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”


AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh itu nitipriksa samubarang kabeh, dalah bab wewadine Gusti Allah.


dumadakan diangkat menyang ing Pirdus lan dheweke krungu pangandika kang ora kena dikandhakake, kang ora kena kaucapake dening manungsa.


He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna!


Aku tumuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Tulisen: Rahayu para wong kang mati lan matine ana ing patunggilane Gusti, wiwit ing samengko.” “Sanyata,” pangandikane Sang Roh, “supaya padha aso saka ing rekasane, awit sakehing panggawene padha mbarengi lakune.”


Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Sing sapa unggul, bakal tampa iki kabeh, sarta Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal dadi PutraningSun.


Rahayu wong kang padha ngumbah sandhangane. Iku kang bakal padha duwe wewenang tumrap wit-wit panguripan, lan lumebu ing kutha, liwat ing gapura-gapurane.


Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.


Ing satengahe dalaning kutha iku, yaiku ing sakiwa-tengene bengawan, ana wit-wit panguripan kang metokake woh ping rolas, saben sasi sapisan; anadene godhonge wit-wit mau dianggo mulyakake para bangsa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan