Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.
Kawula boten badhe manah dhateng prakawis ingkang awon, pandamelipun tiyang murtad punika kawula sengiti, boten badhe wonten ingkang lumengket dhateng kawula.
Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”