Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 2:5 - Kitab Sutji

5 Kang iku sira elinga sapira jerone anggonira keplorod! Mula mratobata sarta nglakonana kaya panggawenira kang sakawit. Manawa ora mangkono, Ingsun mesthi bakal ngrawuhi sira, sarta Ingsun bakal mundhut padamaranira saka ing panggonane, manawa sira ora mratobat.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 2:5
34 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal mangsulake para hakimira kaya biyen lan para penasehatira kaya ing sakawit. Sawuse mangkono sira bakal kasebut kutha kaadilan, kutha kang setya.”


“Adhuh, kowe wus tiba saka ing langit, he lintang Panjer-Esuk, anake bangbang wetan, kowe wus kapecah lan tiba ing bumi, he, kowe kang ngalahake para bangsa!


Ana ing kono sira bakal padha tansah kelingan marang sakehing pratingkahira anggonira padha najisake awakira, satemah sira bakal padha ngrumangsani nisthaning awakira marga saka anggonira nglakoni sakehing piala.


Sabanjure sira bakal tansah padha kelingan marang kalakuanira kang ala tuwin tumindakira kang ora becik sarta sira bakal padha rumangsa enek ndeleng awakira dhewe marga saka sakehing kaluputanira lan panggawenira kang nistha.


Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.


AnggoningSun biyen mrangguli Israel kayadene woh anggur ing pasamunan; anggoningSun mirsani para leluhurira, kaya pametune kawitan woh anjir. Nanging iku banjur padha marani Baal-Peor sarta ngabekti marang dewaning kanisthan, satemah padha dadi nistha padha karo barang kang didhemeni.


Temahan kurban sesaosane Yehuda lan Yerusalem bakal ndadekake renaning panggalihe Pangeran Yehuwah, kaya ing nalika jaman biyen lan kaya ing taun-taun kang wus kepungkur.


Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.


Kowe iku padha dadi pepadhanging jagad. Kutha kang ana ing dhuwur gunung iku ora bisa kaling-kalingan.


Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.


Saiki, apa kang bakal ditindakake dening kang duwe pakebonan anggur iku? Mesthi bakal teka mrono, wong-wong kang nggarap bakal padha ditumpes, kebone anggur nuli dipitayakake marang wong sejene.


tuwin bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran kanthi roh lan panguwasane Elia, supaya bisaa mbalekake atine para bapa marang para anak, sarta nuntun wong mursal marang kamursidan, dadine nyawisake umat kang sembada tumrap ing Pangeran!”


Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”


Kowe dadine uwal saka Sang Kristus, manawa kowe ngarah kaanggep bener marga saka angger-anggering Toret; kowe urip ing sajabaning sih-rahmat.


supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,


Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,


Nanging kowe kabeh, para kekasih, sadurunge wis padha sumurup prakara iku. Mulane dipadha waspada, supaya aja nganti kelu ing panasarane wong murangsarak, sarta aja kelangan gondhelanmu kang kukuh.


Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kesandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacad ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Temahan wong padha kagosongake dening panasing geni kang banter, banjur padha nyenyamah marang asmaning Allah, kang nguwaosi wewelak-wewelak mau, sarta ora mratobat ngluhurake marang Gusti Allah.


Marga saka iku sira mratobata! Manawa ora mangkono, Ingsun bakal dumrojog ngrawuhi sira sarta Ingsun bakal nempuh perang marang wong-wong mau kalawan pedhang kang ana tutukingSun iki.


Ingsun ngudaneni panggawenira kabeh: iya katresnanira, iya pracayanira, apadene pangabdinira lan kaantepanira. Ingsun nguningani, manawa panggawenira kang wekasan iku ngluwihi kang wiwitan.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Sapa wong kang Sunkasihi iku Sunwelehake lan Sunrangket; marga saka iku sing sumarah lan mratobata!


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan