Kowe menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan nganti-antia marang Sang Yehuwah, aja nepsu marga wong kang sekolehan uripe, sarta marga saka wong kang nglakoni culika.
Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah, para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka, mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula. Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka, sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.
Aku bakal nyangga bebendune Sang Yehuwah, awit aku wus gawe dosa marang Panjenengane, nganti Panjenengane ngrampungake prakaraku, sarta paring adil marang aku, aku bakal katuntun menyang pepadhang, satemah aku bakal ngrasakake kaadilane.
Nalika samana ana wong liwat jenenge Simon, wong Kirene, bapakne Aleksander lan Rufus, lagi bali saka ing pategalan. Iku dipeksa dikon manggul salibe Gusti Yesus.
Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”
Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”
Salam marang Trifena lan Trifosa, kang padha mempeng banget anggone leladi kagem Gusti. Salam marang Persis, kang daktresnani, kang wus akeh banget anggone leladi kagem Gusti.
Aku ora padha ngegungake pagawean kang dilakoni dening wong liya, ana ing wilayah pagawean kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, manawa pracayamu saya mundhak, aku bakal oleh pakurmatan luwih gedhe maneh ana ing antaramu, yen katandhing karo wilayah pagawean kang katemtokake kanggo aku.
Marga saka iku aku ora rumangsa semplah, malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sangsaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina.
Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.
lan maneh kowe padha kasantosakna sarana kakuwatan panguwasaning kamulyane Pangeran, supaya bab anggonmu ngrasakake samubarang kabeh kalawan tumemen lan sabar.
Sabab aku tansah padha eling marang pagaweaning pracayamu, pambudi-dayaning katresnanmu sarta kaantepaning pangarep-arepmu marang Gusti kita Yesus Kristus ana ing ngarsane Gusti Allah lan Rama kita.
Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.
Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh marang kowe: wong-wong kang padha nyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kang nenuntun marang kowe ana ing patunggilane Gusti sarta kang memerdi marang kowe,
sarta ora tau mangan rotining liyan kanthi lelahanan, nanging aku kabeh padha mbudi-daya lan nyambut-gawe rina wengi kalawan rekasa, supaya aja dadi gawene sapa bae ana ing antaramu.
Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.
Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.
supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.
Aku, Yokanan, sadulur lan panunggalanmu ing sajroning kasusahan, ing sajroning Karajan sarta ing sajroning kamantepan nganti-anti marang Gusti Yesus, lagi ana ing pulo kang aran Patmos marga saka pangandikane Gusti Allah lan paseksen kang kaparingake dening Gusti Yesus.
Sarehne sira wus netepi marang pangandikaningSun, supaya kalawan sabar mantep nganti-anti marang Ingsun, mulane Ingsun iya bakal ngreksa sira ing dina pacoban kang bakal nekani ing sajagad kabeh kanggo ndadar wong kang padha manggon ing bumi.