Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 2:1 - Kitab Sutji

1 “Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Efesus: Iki pangandikane kang ngasta lintang pepitu ing astane tengen lan kang mlampah-mlampah ing antarane padamaran mas pepitu iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 2:1
20 Iomraidhean Croise  

Anadene ratu iku mlebu metune bareng karo wong-wong mau.


Sabab ing ngendi ana wong loro utawa telu padha nglumpuk kalawan nganggep marang jenengKu, ing kono Aku ana ing tengahe.”


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.


Bareng wis rawuh ing kutha Efesus, Priskila lan Akwila ditilar dening Rasul Paulus ana ing kono. Panjenengane piyambak lumebet ing papan pangibadah lan wawan rembag karo wong-wong Yahudi.


Panjenengane pamitan kalawan ngandika: “Kula badhe mriki malih, manawi Gusti Allah ngarsakaken.” Banjur mancal saka ing Efesus.


Nalika Apolos isih ana ing Korinta, Rasul Paulus wis ndlajahi tanah-tanah pagunungan lan rawuh ing kutha Efesus. Ana ing kono panjenengane ketemu karo siswa sawatara.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


Astane kang tengen ngasta lintang pitu sarta tutuke ngetokake pedhang kang landhep kiwa-tengen, wedanane sumorot sumelet kaya srengenge.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngasta pedhang landhep kiwatengen:


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Tiatira: Iki pangandikane putraning Allah, kang tingale kaya urubing geni lan sampeyane kaya tembaga:


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


“Sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Sardis: Iki pangandikane kang kagungan Rohe Allah pitu lan lintang pitu iku: Ingsun ngudaneni ing panggawenira kabeh; sira kaaranan urip, mangka satemene mati!


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Filadhelfia: Iki pangandikane Sang Suci, Sang Sajati, kang ngasta kuncine Dawud; samangsa Panjenengane ngengakake, ora ana kang bisa nutup, samangsa Panjenengane nutup, ora ana kang bisa ngengakake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan