Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 19:3 - Kitab Sutji

3 Tumuli padha ngucap kang kaping pindhone: “Haleluya! Wondene peganipun punika kumelun langgeng salami-laminipun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 19:3
9 Iomraidhean Croise  

bareng mirsani menyang prenahe Sodom lan Gomora tekan lebake Yarden pisan, katon ana kukus kumelun saka ing bumi memper kukuse pawon paleburan.


Para wong dosa ing bumiku cikben tumpes, lan para wong duraka cikben ora ana maneh! Heh nyawaku, ngluhurna asmane Pangeran Yehuwah! Haleluya!


Rina wengi ora bakal mati-mati, kukuse kumelun salawas-lawase. Nagara iku bakal dadi jugrugan turun-tumurun, tuwin sabanjure ora bakal ana wong kang liwat ing kono.


iya kayadene Sodom lan Gomora sarta kutha-kutha ing saubenge, kang carane laku jina padha kaya mangkono iku sarta padha mburu kamareman kang ora lumrah, anggone wus padha kasiksa ing geni langgeng, minangka pepeling tumrap sakabehing manungsa.


Anadene pegane geni pasiksan iku kumelun ing salawas-lawase, lan panyiksane tanpa leren rina-wengi, yaiku kang padha sujud marang si kewan lan marang recane iku, mangkono uga sapa kang nampani cirining jenenge.”


lan padha weruh pegane geni kang ngobong, banjur nguwuh-uwuh, pangucape: “Endi kutha kang madhani kutha gedhe iki?”


Anadene para raja ing bumi, kang padha laku bedhang lan olah kamukten karo dheweke, iku bakal padha nangisi lan nggrantesake samangsa padha ndeleng pegane geni kang ngobong.


Sawuse mangkono aku krungu swara sora kaya swarane wong golongan gedhe ana ing swarga, pangucape: “Haleluya! Karahayon lan kamulyan sarta panguwaos punika wonten ing Allah kita,


Para pinituwa patlikur lan makluk papat iku banjur padha sumungkem sujud marang Gusti Allah kang lenggah ing dhampar, sarta munjuk: “Amin, Haleluya!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan