3 awit sakehe para bangsa wus padha ngombe anggur hawa-nepsune kang saru, sarta para raja ing bumi padha laku jina karo dheweke, tuwin para sudagar ing bumi wus padha dadi sugih marga saka hawa-nepsune.”
Iya iku paedahe tumrap sira para tukang japa-matra iku, kang wus sira pindeng wiwit cilikira; padha sempoyongan menyang ing sakehing keblat, ora ana kang bisa ngluwari sira.
Aku dimangsa, dijuwing-juwing dening Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil, diselehake kaya mangkok kothong. Panjenengane nguntal aku kaya naga, kang wetenge kebak pangananku kang enak-enak, aku dibuwang.
Maune Babil iku kaya tuwung kencana ana ing astane Sang Yehuwah, kang ngendemi wong salumahing bumi. Para bangsa padha ngombe anggure, yaiku jalarane padha dadi edan.
Iku kabeh marga saka akehe pasundelan kang katindakake dening wong wadon tuna-susila, kang endah warnane lan ahli sihir, kang ngloropake bangsa-bangsa srana anggone laku jina, lan golongan-golongan srana sihire.
Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.
Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,
Banjur ana malaekat liyane maneh, malaekat kapindho, nusul, ngandika: “Wus rubuh, wus rubuh Babil, kutha kang gedhe iku, kang wus ngendemi sakehe para bangsa kalawan angguring hawa-nepsu laku jina.”
Banjur padha nguwur-uwuri lebu ing sirahe, sarta nguwuh-uwuh kalawan nangis lan sesambat pangucape: “Cilaka, cilaka kutha gedhe, kang raja-penine dadi marganing kasugihane sakehe wong kang duwe prau ana ing sagara, awit wis rusak sajrone sajam bae.
Padhanging damar ora bakal madhangi kowe maneh, lan swarane penganten lanang wadon ora bakal keprungu maneh ana ing kowe. Awit sudagar-sudagarmu iku maune padha dadi panggedhene bumi, marga saka sakehe bangsa wus padha kasasarake srana panenunganmu.”
patrapana panyiksa lan kaprihatinan, kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten. Sabab osiking atine mangkene: Aku lungguh ing dhampar kaya ratu, aku dudu randha, lan aku ora bakal tau prihatin.
Anadene para raja ing bumi, kang padha laku bedhang lan olah kamukten karo dheweke, iku bakal padha nangisi lan nggrantesake samangsa padha ndeleng pegane geni kang ngobong.