Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 17:3 - Kitab Sutji

3 Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 17:3
26 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi saged kelampahan, manawi kula sampun kesah saking ngarsa panjenengan, Rohipun Pangeran Yehuwah lajeng ngangkat panjenengan dhateng panggenan ingkang kula dereng sumerep. Manawi kula ngantos sowan ing ngarsanipun Sang Prabu Akhab tuwin ngaturi uninga bab panjenengan, sarta panjenengan boten wonten, kula temtu badhe dipun pejahi, mangka ingkang abdi punika wiwit alit ngabekti dhumateng Pangeran Yehuwah.


kalawan matur: “Sumangga kula aturi mirsani. Panunggilanipun para ingkang abdi punika wonten tiyang jaler seket ingkang kendel-kendel. Tiyang-tiyang punika kajengipun sami kesah ngupadosi bendara panjenengan, mangke panjenenganipun gek dipun angkat dening Rohipun Sang Yehuwah lajeng kauncalaken dhateng ing nginggiling salah satunggalipun redi utawa dhateng salah satunggaling lembah.” Paring wangsulane Nabi Elisa: “Aja padha kongkonan!”


Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.


Aku nuli kajunjung dening Sang Roh lan ing sajrone wahyu kang saka ing Rohing Allah aku kabekta menyang ing nagara Kasdim, ing panggonane para boyongan. Sawuse mangkono wahyu kang dakdeleng iku banjur ilang,


Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane,


Iku nuli mulungake kang kaya asta, rambutku dicepeng. Aku banjur kajunjung dening Sang Roh iku marang ing antarane langit lan bumi sarta ing sajroning wahyuning Allah aku kabekta menyang ing Yerusalem, ing sacedhaking gapuraning plataran ing jero kang marep ngalor, kang ana recane brahala, kang nuwuhake butarepan.


Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.


sarta bab sungu sapuluh kang ana ing endhase tuwin sungu liyane, yaiku sungu kang ana matane lan kang ana cangkeme kang ngucap gumunggung, kang nuli thukul njalari pothole sungu telu, apadene kang wujude luwih gedhe katimbang sungu-sungu liyane.


Iku bakal ngucapake tetembungan kang nglawan marang Kang Mahaluhur, lan bakal nganiaya para wong suci kagungane Kang Mahaluhur, sarta mbudi-daya ngowahi wektu lan angger-angger, tuwin sakehe wong mau bakal kapasrahake ing astane ratu mau lawase samangsa lan rong mangsa sarta satengah mangsa.


Sajrone aku migatekake sungu-sungune iku, ing tengahe ana sungu cilik kang thukul, njalari sungu kang dhisik mau copot telu; sungu cilik iku katon ana matane kaya mataning manungsa lan ana cangkeme kang ngucap gumunggung.


Pangagemane Gusti Yesus disantuni jubah wungu,


Bareng karone wis padha mentas saka ing banyu, Rohing Pangeran tumuli mulung Sang Filipus, lan ora kasumurupan dening priyagung iku maneh. Panjenengane banjur nglajengake tindake kalawan renaning panggalih.


yaiku si panglawan kang ngunggul-unggulake awake dhewe ngluwihi sakabehe kang kasebut Allah utawa sesembahan, malah banjur lungguh ing Padaleman Suci sarta ngaku Allah.


Mbeneri ing dinane Gusti, aku linimputan ing Roh lan aku krungu swara seru ana ing buriku kaya unine kalasangka,


Sang wanita tumuli kaparingan suwiwi garudha gedhe sapasang, supaya mabur menyang ing panggonane, iya iku ing pasamunan, ana ing kono wanita iku diopeni, adoh saka papane si ula, lawase samangsa lan rong mangsa tuwin satengah mangsa.


Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.


Dene sang wanita mau mlayu menyang pasamunan, ing panggonan kang wus dicawisake dening Gusti Allah, supaya diopeni ana ing kono lawase sewu rong atus sawidak dina.


Anadene wong wadon kang kokdeleng iku, ngibarati kutha gedhe kang ngereh para ratu ing bumi.”


Dene wong wadon mau nganggo jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas, sesotya tuwin mutyara, tangane nyekel tuwung mas kang kebak isi sakehing barang kang saru lan jejembering laku jina.


yaiku dagangan arupa mas lan salaka, sesotya lan mutyara, mori alus lan jarit wungu sutra lan kain jingga, barang warna-warna saka kayu wangi, dandanan saka gadhing warna-warna, lan rupa-rupa dandanan kayu kang larang, saka tembaga, wesi sarta saka marmer.


pangucape: “Cilaka, cilaka kutha gedhe, kang manganggo mori alus tuwin jarit wungu lan jingga, sarta nganggo pasren mas lan sesotya tuwin mutyara iku, dene sajrone sajam bae kasugihan kang samono iku wus rusak.”


Tumuli sajrone kalimputan ing Roh iku, aku digawa menyang ing gunung kang gedhe lan dhuwur, banjur dituduhi kutha kang suci, yaiku Yerusalem kang tumurun saka ing swarga, saka Gusti Allah.


Padha sanalika aku kalimputan ing Roh, lah ing swarga ana dhampar kapasang, lan ana kang lenggah ing dhampar iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan