3 Malaekat kang kapindho nyuntak bokore menyang ing sagara; banyune tumuli dadi getih, kaya getihe wong mati, temahan isining sagara kang mawa nyawa padha mati kabeh.
Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun.
Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.
Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.