WAHYU 15:3 - Kitab Sutji3 Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa! Faic an caibideil |
Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?
Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira, cikben padha rerembugan bebarengan: Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula, tuwin kang mratelakake wiwit biyen? Apa dudu Ingsun, Yehuwah? Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun! Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet, ora ana liyane kajaba Ingsun!
Sadaya tiyang Israel sampun sami nerak pepaken Paduka tuwin sami nyimpang, awit boten mirengaken swanten Paduka! Awit saking punika kawula sampun sami kadhawahan ing ipat-ipat saha supaos, ingkang kaserat ing Kitab Toretipun Nabi Musa, abdinipun Gusti Allah punika, amargi kawula sampun nglampahi dosa dhumateng Panjenenganipun.
Mung ditlaten kang banget anggonmu padha netepi pepakon lan angger-angger kang wus diprentahake dening Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe, bab enggonmu padha tresna marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu, lan padha ngambaha ing sakehe dalan pitedhahe, tansah netepi ing pepakene klawan rumaket marang Panjenengane, apadene padha ngabektia klawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu.”