Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 13:3 - Kitab Sutji

3 Aku nuli ndeleng endhase kang siji iku kaya ana tatune kang mbebayani tumrap uripe, nanging tatune banjur waras. Temah wong sadonya padha kaeraman, banjur ngetut buri kewan iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 13:3
15 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal nyantosakake tangane raja ing Babil lan bakal maringake pedhangingSun ana ing tangane, nanging tangane Pringon bakal Suntugel lan dheweke bakal ngadhuh-adhuh kaya wong kang tatu banget ana ing ngarepe.


Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.


Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”


Simon dhewe iya manjing pracaya lan sawise dibaptis, tansah ngraketi marang Sang Filipus sarta sumlengeren nyumurupi pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat linuwih kang tumindak.


Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.


Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.


Karodene uga ngibarati ratu pitu; kang lima wus padha ambruk, kang siji saiki ana, sijine durung teka, dene samangsa wus teka, iku tetep mung sawatara mangsa.


Anadene si kewan kang maune ana, saiki ora ana, iku dhewe dadi raja kang kawolu lan sanadyan mangkono dadi panunggalane kang pitu iku, sarta marani karusakan.


Iku padha sarujuk, masrahake kasekten lan panguwasane marang si kewan iku.


Amarga atine wus diwangsit dening Gusti Allah supaya nglakoni kang dadi karsane kanthi tunggal sedya, apadene supaya masrahake paprentahane marang si kewan, nganti tumeka pangandikane Gusti Allah wus padha katetepan kabeh.


Anadene aku weruh wong wadon mau mendem getihe para suci lan para seksine Gusti Yesus. Aku gumun banget nalika ndeleng iku mau.


Kewan kang kokdeleng iku maune ana, nanging saiki ora ana, lan bakal njedhul saka ing teleng, sarta marani ing karusakan. Anadene para kang manggon ana ing bumi, kang jenenge ora katulisan ing buku kauripan wiwit jagad tinalesan, iku bakal padha kaeraman, samangsa padha weruh si kewan, dene maune ana saiki ora ana, mangka bakal ana maneh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan