2 Kewan kang dakdeleng iku rupane kaya macan tutul, sikile kaya sikil bruwang lan cangkeme kaya cangkem singa. Iku banjur diwenehi kasekten dening naga mau, lan dhampar tuwin panguwasane kang gedhe.
Nabi Elisa banjur mengo, lan bareng mirsa bocah-bocah mau, banjur padha diipati-ipati dhemi asmaning Pangeran Yehuwah. Tumuli ana bruwang loro kang metu saka ing alas, kang nyempal-nyempal panunggalane bocah-bocah mau patang puluh loro.
Panggerone kaya singa wadon, padha nggero kaya singa enom; padha gereng-gereng banjur ndekep mangsane, nuli kagondhol mlayu lan ora ana kang nguwalake.
Mulane bakal padha dipateni dening singa kang metu saka ing alas, lan disempal-sempal dening asu ajag ing ara-ara kang garing. Macan tutul bakal ngintip ana ing pinggiring kutha-kuthane, angger wong kang metu, bakal ditubruk. Amarga panerake akeh banget lan panasare gedhe banget.
Wong-wong iku bakal padha manut marang Pangeran Yehuwah, Pangeran bakal nggero kaya singa. Sanyata, Panjenengane bakal nggero, para putra nuli bakal padha sowan saka ing sisih kulon kanthi gumeter,
Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.”
Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.
Jarane cukate ngungkuli macan tutul, lan girase ngungkuli asu ajag ing wayah bengi; wadya-balane jaranan teka sesanderan saka ing panggonan adoh, nganti kaya mabur memper manuk garudha kang nyamber memangsan.
nanging Gusti wus ngamping-ampingi aku lan nyantosakake aku, supaya Injil kaundhangake babar pisan lumantar aku lan sakehe wong kang dudu Yahudi padha ngrungokake! Dadine aku luwar saka ing cangkeming singa.
Si naga gedhe banjur diuncalake mangisor, si ula kuna, kang kaaranan Iblis lan Setan, kang nasarake saisining jagad, iku kauncalake menyang ing bumi, dalah para malaekate.
Sarta nindakake sakehe panguwasane kewan kang kapisan ana ing ngarepe. Iku marakake bumi lan sakabehe kang ngenggoni padha sujud marang kewan kang kapisan, kang wus waras tatune kang mbebayani mau.
Wong-wong mau padha sujud marang naga mau, awit wus menehake panguwasane marang kewan iku. Karodene wong-wong mau padha sujud marang si kewan kalawan pangucape: “Sapa kang madhani kewan iki? Lan sapa kang bisa nandhingi perang?”
Malaekat kang kalima nyuntak bokore menyang ing dhampare si kewan temahan kaprabone iku dadi peteng, sarta wong-wong padha nggigiti ilate dhewe marga saka kelaran,
Dene sungu sapuluh kang kokdeleng iku ratu sapuluh kang durung wiwit mrentah, nanging bakal padha nampani panguwasaning ratu, bebarengan karo si kewan suwene sajam.
Si kewan tumuli kacekel, dalah kang ngaku-aku nabi, kang wus nindakake mukjijat ana ing ngarepe, kagawe srana nasarake wong kang wus padha nampani cirine si kewan lan padha sujud marang recane. Sakarone padha kacemplungake ing sagara geni kang murub nganggo welirang urip-uripan.
Ingsun ngudaneni ana ing ngendi panggonanira, iya iku ing panggonane dhampare Iblis; ewadene sira ngugemi asmaningSun, sarta ora nyelaki pracayanira marang Ingsun, uga ora ing nalika jamane Antipas, seksiningSun, kang setya marang Ingsun kang dipateni ana ing ngarepira, ing padunungane Iblis.