Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 13:1 - Kitab Sutji

1 Sabanjure aku weruh ana kewan njedhul saka sajroning sagara, sungune sapuluh lan endhase pitu; pucuking sungune ana makuthane sapuluh, lan ing endhase ana cirine jeneng panyenyamah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 13:1
21 Iomraidhean Croise  

Sira kok dadi ora wedi marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – lan ora gumeter ana ing ngarsaningSun? Rak Ingsun kang ndadekake pasisir wedhi minangka watesing sagara, kang dadi wewates tetep, kang ora kena dilangkahi? Nadyan sagarane molak-malika iya ora keconggah, sanadyan alun-alune gumulung-gulung, iya ora bakal ngliwati watese.


Raja iku bakal tumindak sawenang-wenang, bakal ngluhurake lan ngegungake dhiri ana ing ngarepe sadhengah allah. Uga ana ing ngarsane Gusti Allah kang ngungkuli sakehe allah, bakal ngucapake tembung-tembung kang ora pantes babar-pisan, sarta bakal begja nganti tumeka ing sakatoging bebendu; amarga apa kang wus katetepake iku bakal kelakon.


Punapadene ingkang kauningan ing gusti kawula, suku tuwin driji-drijinipun saperangan ingkang kadamel lempungipun kundhi, saha saperangan tosan, punika ateges, bilih karajan wau rengka; pancen karajan wau inggih atos kadosdene tosan, cocog kaliyan ingkang kapirsanan dening gusti kawula, tosan wau campur kaliyan lempung.


Anadene samangsa wus rampung anggone padha nglairake paseksene, tumuli kewan kang muncul saka ing teleng bakal nempuh perang marang seksi-seksi mau, sarta bakal padha dikalahake lan dipateni.


Lan ing langit katon ana tengeran liyane: Lah ana naga gedhe abang mbranang, endhase pitu, lan ana sungune sapuluh, sarta ing endhase ana jamange pitu.


Aku tumuli weruh kewan liyane njedhul saka sajroning bumi, sungune loro kaya Sang Cempe lan calathune kaya si naga.


Kewan mau nasarake wong kang manggon ing bumi sarana kaelokan-kaelokan, kang wus diwenehake supaya ditindakake ana ing ngarepe si kewan kapisan mau. Wong-wong kang manggon ing bumi dikon dening kewan mau, supaya padha nganakake reca kanggo ngurmati si kewan kang kataton dening pedhang, nanging kang tetep isih urip iku.


Apamaneh si kewan dikuwasakake nganjingi nyawa marang reca iku mau, temah reca kewan iku uga bisa calathu, lan banjur tumandang, saben wong kang ora sujud marang reca kewan iku banjur kapatenan.


Karodene aku weruh rerupan kaya sagara kaca campur geni, sarta para wong kang wus unggul anggone perang karo si kewan lan recane, sarta cacahe petungane jenenge, padha ngadeg ana ing pinggiring sagara gedhah mau. Sarta iku padha nyekel clempunge Gusti Allah.


Aku banjur weruh saka ing cangkeme si naga lan ing cangkeme si kewan tuwin ing cangkeme kang ngaku-aku nabi iku ana roh reged telu padha metu kaya kodhok.


Dene sungu sapuluh kang kokdeleng lan kewan iku bakal padha sengit marang si tunasusila iku, lan bakal didadekake kapiran lan diwudani tuwin dipangan daginge, wasana diobong kalawan geni.


Sajrone aku kalimputan ing Roh aku kagawa menyang ing pasamunan. Ing kono aku weruh ana wong wadon nunggang kewan abang sulak wungu, kang awake sakojur kacirenan jeneng-jeneng panyenyamah. Endhase pitu lan sungune sapuluh.


Lan ing bathuke kacirenan jeneng, sawijining wewadi: “Babil gedhe baboning para tunasusila lan sakehing kanisthan ing bumi.”


Aku tumuli weruh si kewan iku lan para ratu ing bumi sabalane padha nglumpuk nglawan perang marang Kang Nitih turangga lan sabalane mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan