Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 11:4 - Kitab Sutji

4 Yaiku wit jaitun loro lan padamaran loro kang ana ing pangayunane Allahe alam donya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 11:4
14 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia, wong Tisbe ing wewengkon tanah Tisbe-Gilead, banjur munjuk marang sang Prabu Akhab: “Demi Pangeran Yehuwah ingkang gesang, Gusti Allahipun Israel ingkang kawula ladosi, lah badhe boten wonten ebun utawi jawah ing taun-taun punika, kejawi manawi kawula nglairaken tembung kawula.”


Para wong mursid bakal padha ndeleng, temahan padha wedi, lan bakal padha nggeguyu, pangucape:


Nanging tanah Gosyen kang dienggoni umatingSun ing dina iku Sunjabakake, dadi ing kono bakal ora ana laler cathak, supaya sira sumurup yen Ingsun Yehuwah, ana ing nagara kene.


Amarga kang dadi somahira iku Panjenengane kang nitahake sira, kang asma pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah; kang jumeneng Panebusira yaiku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, kang sinebut Gusti Allahe salumahing bumi.


Sira tau sinebut dening Sang Yehuwah, wit jaitun kang ngrembuyung, asri dinulu. Nanging kanthi swara kang nggegirisi Panjenengane nyuled geni ing godhong-godhonge, temah pang-pange padha kobong.


He, putri Sion, tumandanga lan nutua, marga sungunira bakal Sundadekake kaya wesi, lan kukunira Sundadekake kaya tembaga, satemah sira bakal ngremuk bangsa akeh, lan jarahane bakal sira mligekake kagem Sang Yehuwah, sarta kasugihane kagem Pangeraning salumahe bumi.


“Ora ana wong nyumed damar kang banjur didekek ing longan utawa ditutupi ing tompo, nanging didekek ing jodhog, supaya kabeh wong kang lumebu bisa ndeleng padhange.


Padha tansah jumagaa lan ndedongaa, supaya kowe diparingana kakuwatan kang njalari kowe padha ora bakal katempuh dening apa kang bakal kalakon iku lan supaya kowe padha bisa tahan anggonmu ana ing ngarsane Putraning Manungsa.”


Mulane, manawa pang-pange wus ana sawatara kang dikethoki, lan kowe kang dadi thukulan alas sing ditancebake ana ing antarane, temahan melu oleh panduman saka oyode wit jaitun kang kebak tlutuh iku,


Ing nalika samana Pangeran Yehuwah milih taler Lewi kadhawuhan ngusung pethining prasetyan, ngladosi Pangeran Yehuwah sarta andum berkah atas asmane, nganti tumeka ing dina iki.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan