Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 11:1 - Kitab Sutji

1 Aku tumuli kaparingan glagah, kaya teken ukuran, kanthi dhawuh mangkene: “Mara sira ngadega lan ukuren Padalemane Suci Gusti Allah lan misbyah dalah para kang sujud ana ing kono iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 11:1
15 Iomraidhean Croise  

Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran, sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat; udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh, tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”


Sawuse mangkono paprentahan, pangwasa lan kamulyaning karajan-karajan ing sangisore saindenging langit bakal kaparingake marang para wong suci, umat kagungane Kang Mahaluhur; paprentahane iki paprentahan kang langgeng sarta sakehing pangwasa bakal ngabdi lan mbangun miturut marang para suci mau.


Budal saka Hazerot lan leren ana ing Ritma.


Apa gegayutane padalemane Gusti Allah karo brahala? Awit kita iki padha dadi padalemane Gusti Allah kang gesang kayadene kang dipangandikakake dening Gusti Allah mangkene: “Ingsun bakal dedalem bebarengan karo wong-wong mau, lan gesang ana ing tengah-tengahe, lan Ingsun bakal dadi Allahe, lan dheweke bakal padha dadi umat ingSun.


sarta kowe dhewe iya padha dikaya watu urip, kang dianggo mbangun padaleman kasukman minangka kaimaman kang suci, kang nyaosake pisungsung kasukman kang katrimah ing Allah marga dening Gusti Yesus Kristus.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Tumuli aku dipangandikani mangkene: “Kowe kudu medhar wangsit maneh marang para bangsa lan umat tuwin basa sarta para ratu.”


Anadene kang mangandikani aku iku ngasta lantaran ukuran mas, kagem ngukur kutha iku, dalah gapurane lan baluwartine.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan