Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 10:9 - Kitab Sutji

9 Aku banjur marani malaekat mau sarta nyuwun, supaya gulungan kitab iku kaparingna marang aku. Dhawuhe marang aku: “Tampanana, lan panganen; iki bakal marakake wetengmu pait, nanging ana ing cangkemmu rasane legi kaya madu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 10:9
7 Iomraidhean Croise  

Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak; dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.


Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


Dene sira, anaking manungsa, apa sapangandikaningSun marang sira iku rungokna, lan sira aja mbalela kaya jinis kang ambek mbalela iku. Sira mangapa, panganen apa kang Sunparingake marang sira.”


Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.


kabeh iku nekakake bebendune Gusti Allah (marang para wong duraka).


Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan