Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




WAHYU 10:4 - Kitab Sutji

4 Lan sawuse gludhug pitu mau padha ngucap, iku banjur arep dakcatheti, nanging aku nuli krungu swara saka ing swarga kang ngandika: “Apa kang diucapake dening gludhug pitu iku mau sira segela, aja sira tulis!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




WAHYU 10:4
13 Iomraidhean Croise  

Tumrap kowe kabeh wangsit iku mau kabeh kayadene isining buku kang disegel, manawa iku kawenehake marang wong kang bisa maca kalawan dikandhani: “Iku wacanen,” wong mau bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca, awit buku iku kasegel,”


Pangeran Yehuwah ngandika marang aku: “Sira njupuka watu panulisan gedhe, nuli ing dhuwur sira tulisana nganggo tulisan lumrah: Maher-Syalal Khasy-Bas.”


Aku kadhawuhan nyimpen paseksen iki tuwin ngecapi piwulang iki ana ing satengahe murid-muridku.


Nanging kowe, Dhaniel, kabeh pangandika iku simpenen, sarta Kitab iku segelen nganti tumeka ing wekasaning jaman; akeh wong kang bakal niti-priksa, apadene kawruh bakal saya wuwuh.”


Nanging panjenengane mangsuli, pangandikane: “Wis ta, Dhaniel, lungaa awit pangandika iki bakal tetep winadi lan segelen nganti wekasaning jaman.


Dene wahyu bab peteng lan esuk, kang kapangandikakake, iku nyata. Nanging kowe, wahyu iku simpenen, sabab bab iki tumuju marang kang kelakone isih suwe banget.”


Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”


pangandikane: “Apa kang sira deleng, iku tulisana ing kitab lan kirimna marang pasamuwan pepitu iki: marang Efesus, marang Smirna, marang Pergamus, marang Tiatira, marang Sardhis, marang Filadhelfia lan marang Laodhikia.”


Marga saka iku tulisana apa kang wus sira deleng, iya kang kalakon ing samengko tuwin kang bakal kalakon ing tembe.


Swara kang wus dakrungu saka ing langit mau, tumuli ngandika maneh marang aku mangkene: “Majua, kitab wudharan kang ana ing tangane malaekat, kang ngadeg ana ing sagara lan ing dharatan iku tampanana.”


Tumuli pangandikane maneh marang aku: “Pangandika wedharing wangsite kitab iki aja sira segel, awit wektune wus cedhak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan